Jagad-jawa
Kamis, 17 Januari 2013 - 13:00 WIB

Dongeng Asli Indonesia Dadi Film Animasi ing Malaysia

Redaksi Solopos.com  /  Tim Solopos  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - Film Animasi gawean animator saka Malaysia nalika disetel ing Studio MD Animation, Jagalan, Jebres, Solo, sawetara dino kapungkur.

Agus Doni P. (FOTO/Istimewa)

Ing Studio MD Animation sing mapan ing Jagalan, Jebres, Solo, sawetara dina kapungkur diputer film animasi Timun Mas. Film kasebut ora digawe dening perusahaan utawa animator Indonesia, nanging digawe dening perusahaan animasi Malaysia. Film animasi Timus Mas kuwi cekak, mung udakara 10 menit dawane. Film kasebut digawe kanggo lomba animasi Internasional.

Advertisement

”Film iki mimpang ing lomba amarga critane kang beda dhewe lan asumber kabudayan lan tradhisi dhaerah,”  ujare Recruitment Manager MD Animation, Doni Purwosulistio, nalika ditemoni Espos ing Jagalan, Setu (12/1). Kajaba Timun Mas, dongeng Bawang Merah Bawang Putih uga digawe dening para animator-animator Malaysia.

Miturut Doni, Indonesia duwe daya gedhe ing industri animasi. Wong Indonesia kang pinter lan kreatif ing jagad animasi saiki kapetung akeh banget. Ora sethithik wong Indonesia sing dadi animator ing perusahaan Malaysia lan Hollywood. Film Upin Ipin lan Tin Tin kuwi, miturut Doni, dadi kondhang jalaran ana urun rembug lan urun karyane wong Indonesia.

Advertisement

Miturut Doni, Indonesia duwe daya gedhe ing industri animasi. Wong Indonesia kang pinter lan kreatif ing jagad animasi saiki kapetung akeh banget. Ora sethithik wong Indonesia sing dadi animator ing perusahaan Malaysia lan Hollywood. Film Upin Ipin lan Tin Tin kuwi, miturut Doni, dadi kondhang jalaran ana urun rembug lan urun karyane wong Indonesia.

Saliyane akeh wong pinter lan kreatif, Indonesia uga duwe crita rakyat utawa dongeng kang cacahe atusan. Malah saben tlatah duwe crita utawa dongeng kang cacahe akeh banget sing asumber budaya lokal papan kono mau.

Nalika atusan dongeng kasebut digawe film animasi lan digiyarake ing televisi nasional, para bocah bakal sinau kabudayane dhewe kang maneka rupa lan maneka werna, ora prelu ngimpor film lan kabudayan negara liya.

Advertisement

Film Animasi gawean animator saka Malaysia nalika disetel ing Studio MD Animation, Jagalan, Jebres, Solo, sawetara dino kapungkur.

Sanajan sugih wong pinter lan kreatif, uga sugih crita rakyat, nanging animasi ing Indonesia durung ngrembaka kayadene ing Malaysia utawa Hollywood. ”Ing negara liya, animasi wus ngrembaka dadi industri. Nanging, ing Indonesia durung bisa. Ing Malaysia, ana investor gedhe, lan ora owel menehi pawitan dhuwit akeh. Pemerintah Malaysia uga jor-joran mbiyantu,” pratelane Doni.

Nanging, ing Indonesia, perusahaan animasi lan para animator durung bisa ngrembaka lan ndayakake kabisane kaya ing negara liya. Akeh animator Indonesia sing golek gaweyan ing Malaysia. Miturut Doni, upah animator ing Malaysia luwih akeh lan asil karyane ditampa temen-temen dening bebrayan agung kang kana.

Advertisement

Doni lan para animator liyane ing Studio MD Animation saiki nggarap nenem film animasi kang samengkone bakal digiyarake ing televisi. Nenem film kasebut kabeh awujud film serial lan saben film digawe dadi udakara 60 seri. Dene sing dadi balungane crita ing film animasi kuwi yaiku kahanan urip ing bebrayan agung saben dina.

”Ing Indonesia akeh wong pinter, akeh animator sing mumpuni lan sugih kaskaya crita lan dongeng sing ora ana ing papan liya. Kabeh kudi durung bisa didayakake jalaran kurang investor lan pemerintah durung nyengkuyung industri animasi,” piterange Doni.

Miturut dwija animasi ing SMKN 9 Solo, Iwan Kustanto, gawe film animasi cekak pancen ora gampang. Kajaba kudu kanthi pawitan dhuwit kang ora sethithik uga kudu digarap kanthi wektu sing suwe. ”Bisa gawe film animasi sing dawane mung 20 detik wae wus gawe bungah,” pratelane Iwan kang uga mangarsani Program Keahlian Animasi SMKN 9 Solo.

Advertisement

Ing SMK kasebut, para siswa sinau babagan animasi. Ora sethithik siswa kang melu program gawe film animasi tembayatan kalawan SMK liyane ing Solo. “Ora suwe maneh animasi gaweyane para siswa SMK-SMK kuwi bakal digiyarake ing televisi nasional. Nalika wus dadi industri, animasi bakal dadi sumber panguripan lan gaweyan sing bisa sansaya ngrembaka,” piterange Iwan.

Advertisement
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif