Umum
Kamis, 10 Januari 2013 - 12:15 WIB

Wayang Kancil Kanggo Nggegulang Bocah

Redaksi Solopos.com  /  Tim Solopos  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - Ki Ledjar Subroto nuduhake wayang gaweyane kang sinebut Wayang Kancil, Setu (5/1/2013), ing griyane sing mapan ing Jl Mataram, Sosrokusuman, Jogja.

Ki Ledjar Subroto nuduhake wayang gaweyane kang sinebut Wayang Kancil, Setu (5/1/2013), ing griyane sing mapan ing Jl Mataram, Sosrokusuman, Jogja.

Ana baya ketiban kayu gedhe. Dheweke ora bisa obah. Banjur ana kebo liwat. Baya kasebut njaluk tulung marang kebo, supaya bisa nyingkirake kayu kuwi mau. Sawise ditulungi, baya njaluk digendhong nganti tekan kali. Kebo manut wae.

Advertisement

Sabanjure tekan kali, baya ora gelem mudhun. ”Aku pengin mangan daging ing punukmu iki,” ujare baya marang kebo. Kebo rumangsa diapusi. Dheweke nesu, nanging nalika ing banyu, mesti kebo kalah.

Kancil teka, pengin menehi pitulungan marang kebo. ”Aku pengin ngerti critane piye.” Sabanjure kuwi kebo mentas saka kali, mlaku mlebu alas. Ing panggonan kuwi, baya ditibani kayu gedhe mau. Baya ora krasa diapusi dening kancil. ”Kabecikan diwales tumindak kang ala, iki walesane,” ujare kancil.

Dongeng bocah kanthi paraga kancil nganti saiki kapetung isih dikenal dening bocah-bocah jaman saiki. Jaman biyen, dongeng kancil kuwi kadidene perangan baku uripe bocah-bocah.

Advertisement

Miturut seniman lan dhalang Wayang Kancil saka Kutha Jogja, Ki Ledjar Subroto, crita kancil nyolong timun kuwi mung perangan cilik saka kaskaya dongeng bocah kanthi paraga kewan, ya kancil lan kewan-kewna liyane.

Miturut Ki Ledjar, dongeng kancil sejatine ngandhut pendhidhikan kang luhur lan menawa didayakake bisa kanggo nggegulang bocah ing jaman kapan wae. Dongeng bocah kanthi paraga kancil lan kewan-kewan liyane ditulis dening pujangga-pujangga saka tlatah sing saiki sinebut Kutha Solo lan Kutha Jogja atusan taun kapungkur.

“Nyolong timun kuwi uga ora bisa dianggep kleru. Apa sebabe? Alas sing papan uripe kancil dirusak dening manungsa. Mula kancil golek pangan kanthi cara metu utawa mudhun alas lan mlebu ing sawah lan kebon-kebon duweke manungsa,” piterange Ke Ledjar nalika ditemoni Espos, Setu (5/1), ing griyane sing mapan ing Jl Mataram, Sosrokusuman, Jogja.

Advertisement

Dongeng kancil uga ngandhut paugeran gegayutan sesambungan antarane manungsa lan lingkungan. Nalika ndhalang, Ki Ledjar nelakake tansah nyaruwe lan ngelingake warga bebrayan agung sing seneng ngrusak alam utawa lingkungan, negori wit-witan kanthi ngawur lan ngguwang uwuh ing kali.

Ana sandhangan kayadene rok lan sandhangan liyane sing diguwang ing kali lan keli. Sandhangan kasebut banjur didadekake wayang dening Ki Ledjar. ”Maneka sandhangan sing diguwang kuwi ngandhut crita, ngandhut piwulang, nalika isih apik dienggo, nanging nalika rusak, diguwang ing kali. Samesthine diguwang ing papan nglumpukake uwuh utawa dipendhem. Nalika diguwang ing kali banjur nyebabake banjir. Sing kleru genah manungsane,” pratelane Ki Ledjar.

Ki Ledjar kapetung wus puluhan taun dadi dhalang lan gawe wayang. Dheweke ngawiti gawe wayang kancil lan dadi dhalang Wayang Kancil taun 1980-an. Ing jaman kuwi, durung ana dhalang sing ngepyakake wayang kancil lan kewan-kewan liyane. Anane dhalang wayang purwa.

”Wayang kancil kuwi kawitane mung crita kang sumebar, durung ana wujud wayang lan lakon utawa critane,” piterange Ki Ledjar. Murih bisa gawe wayang kancil sing apik dan ngracik lakon-lakon sing nengsemake, Ki Ledjar sing saiki yuswane 75 taun ndhudhah kaskaya kapustakan asil karyane para pujangga.

Ing wiwitan taun 1980-an kuwi, Ki Ledjar kerep saba gedhong kapustakan lan museum ing Solo, Jogja lan Belanda. Asile, saiki dheweke duwe koleksi karyane pujangga sing mbabar dongeng kanthi paraga kancil,karyane Salokadarma, Amongsastra, Padmasusastra (Solo) sarta Sasrawijaya (Jogja).

Karyane para pujangga kasebut saperangan katulis nganggo aksara Jawa lan dadi koleksi museum ing Belanda. Ki Ledjar nelakake naliak semana pancen ora gampang kanggo njaluk salinan karya pujangga kuwi. ”Sanajan iki karya pujangga bangsa Indonesia nanging nalika aku arep gawe salinane kudu antuk idi palilah saka pemerintah Belanda,” piterange Ki Ledjar.

Ana siji karya pujangga kang ora bisa digawe salinane utawa dipotokopi jalaran ing njerone ana crita kang asipat nyaruwe pemerintah kolonial Belanda abad kaping 19 nalika njajah tlatah Nusantara. Miturut Ki Ledjar,  Wayang Kancil sejatine ngandhut piwulang babagan lingkungan, pendhidhikan budi pekerti lan politik.

Banjur apa kang dadi sebab saengga Ki Ledjar keraya-raya ndhudhah kaskaya dongeng kancil? ”Siji, yaiku supaya generasi saiki bisa ngerti lan nyinaoni salah sijine kabudayan Jawa iki,” ujare Ki Ledjar sing kair  ing Wonosobo iki.

“Loro, yakuwi kanggo mbabar kandhutan crita kancil nyolong timun kang sejati. Ana panganggep lamun kewan kancil kuwi duwe sipat ala, julig, seneng nyolong. Sejatine kancil kuwi pinter, akale akeh lan satriya ing tanah Jawa. Nalika ketanggor perkara, kancil tansah nggunakake akal, dudu okol. Jaman saiki okol sing digunakake, dudu akal,” piterange Ki Ledjar.

Dikurmati ing Mancanegara

Wus 30 taun luwih Ki Ledjar ngepyakake Wayang Kancil. Dheweke ndhalang Wayang Kancil ing maneka tlatah ing Indonesia nganti tekan mancanegara. Negara sing kapetung duwe apresiasi apik marang Wayang Kancil yakuwi Jerman, Belanda, Kanada, Amerika Serikat, Inggris lan Australia.

”Iki aku kudu siyap ngepyakake Wayang Kancil ing Festival Tong-Tong ing Belanda taun iki,” pratelane Ki Ledjar. Wayang kancil ora mung dikepyakake ing pakeliran utawa festival ing mancanegara. Miturut Ki Ledjar, ing Inggris lan Australia dongeng kancil mlebu ing pendhidhikan budi pekerti para bocah SD.

Dene ing papan asal-usule, tanah Jawa, Indonesia, dongeng kancil ora diajeni, ora diurmati lan ora dimulyakake. Ki Ledjar nelakake tau ngalami pengalaman pait yaiku karyane diakoni dening pehak mancanegara dene ing Indonesia malah ora dianggep babar blas.

Ing taun 2004 pemerintah Indonesia gawe katalog wayang supaya didaptarake ing UNESCO murih wayang diakoni minangka salah sijine kabudayan donya ing Indonesia. Ing katalog daptar warisan kabudayan sadonya kuwi Wayang Kancil gaweyane dheweke ditulis minangka asil karyane wong saka negara liya.

“Panitya sing gawe buku katalog pesen sakset Wayang Kancil ing Sanggar Wayang Kancil iki. Sedhih temenan. Ing njaba malah antuk pakurmatan. Ing negarane dhewe malah diapusi, lan diakoni wong liya,” ujare dheweke kang antuk pangaji-aji saka Sri Sultan Hamengku Buwono (HB) X minangka pelestari budaya lumantar Wayang Kancil.

Wayang kancil gaweyane Ki Ledjar dadi koleksi Museum Sana Budaya, Minomartani, Taman Mini Indonesia Indah (TMII), Museum Jakarta, lan uga dadi koleksinya dhalang kondhang Ki Manteb Sudharsono.

Advertisement
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif