Umum
Kamis, 10 Januari 2013 - 11:00 WIB

Wayang Kancil Bakal Dibabar ing SD-SD ing Solo

Redaksi Solopos.com  /  Tim Solopos  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - Mujiyono nuduhake salah siji paraga ing Wayang Kancil nalika ditemoni Espos ing griyane, ing Jaten, Palur, Karanganyar, Minggu (6/1/2013).

Mujiyono nuduhake salah siji paraga ing Wayang Kancil nalika ditemoni Espos ing griyane, ing Jaten, Palur, Karanganyar, Minggu (6/1/2013).

Si kancil anak nakal

Advertisement

Suka mencuri ketimun

Ayo lekas di kurung

Advertisement

Ayo lekas di kurung

Jangan diberi ampun

Sanggar Sarotama sing dikemonah dening Mujiyono wiwit taun 2000-an ajeg nggladhi bocah sing ketarik marang seni pedhalangan supaya tepung lan bisa ngepyakake Wayang Kancil. Wiwit taun 2000-an kuwi Mujiyono kerep mider tlatah Jawa saprel nepungake wayang kancil.

Advertisement

Durung suwe iki, Wayang Kancil uga dibabar ing adicara Kreasso Solo, Desember kepungkur. Ing adicara kuwi, babaran Wayang Kancil ora nggunakake kelir, nanging diracik supaya bisa cedhak kalawan warga bebrayan.

”Dhalang lan penonton bisa rembugan, penonton bisa melu ambyur ing lakon sing dibabar dening dhalang,” piterange Mujiyono. Sanajan mung dibabar 45 menit, para bocah lan remaja sing mindeng akeh sing ketarik. Wektu 45 menit kuwi, miturut Mujiyono, wus cukup kanggo mbabar wulangan bab budi pekerti kanthi sarana Wayang Kancil.

”Dhalange bocah. Mula basa sing nggunakake basa Jawa, Indonesia utawa malah basa Inggris,” piterange Mujiyono. Tembang-tembang kang digunakake uga ora ana pakeme, mula luwih bebas, bisa nggunakake maneka warna tembang dolanan bocah.

Advertisement

Ing 2013 ini, Sanggar Sarotama lan Pemerintah Kutha Solo bakal nggelar pakeliran Wayang Kancil ing SD-SD ing limang kecamatan. ”Diwiwiti sasi Januari utawa Februari. Digelar rong minggu sepisan ing SD kang wus dijatah. Adicara iki bakal lumaku 10 sasi,” kandhane Mujiyono.

Miturut Mujiyono, Wayang Kancil kanthi paraga maneka jinis kewan kayata macan, kebo, baya lan liya-liyane apik minangka sarana nggegulang bocah. Babaran Wayang Kancil ngetrapake cara ndongeng kanthi paraga maneka jinis kewan kang samestine disenengi dening bocah-bocah.

Dhalang lan dhosen Akademi Seni Mangkunegaran (Asga), Ki Demang Edy Sulistiyono, ngandhakake Wayang Kancil durung dadi duweke bebrayan agung kayadene wayang purwa amarga durung duwe estetika  dhuwur kaya wayang purwa. Kajaba kuwi, penonton wayang kancil mligi para bocah.

Advertisement

”Supaya kabudayan bisa lestari ya kudu jumbuh owah-owahan jaman. Wayang Kancil lan dongeng kancil kudu nut owah-wahan jaman,” kandhane Edy. Wayang purwa kang semiabstrak lan asipat perangan kabudayan adiluhung bisa ditanpa dening sapa wae. Wayang kancil wujud asli gegambaran kancil utawa kewan liyane. Miturut Edy, samesthine bisa luwih gampang disanggit murih nut jaman kelakone.

Mujiyono nelakake para cantrik dhalang cilik ing Sanggar Sarotama ora kabeh seneng lan gelem dadi dhalang Wayang Kancil. “Dhalang Wayang Kancil kuwi luwih samadya, ora ana sabetan, ora ana perang lan kurang atraktif tinimbang wayang purwa,” piterange Mujiyono.

Ing acara Kreasso Solo sing mapan Balaikota Solo, Desember kapungkur, para siswa SMPN 1 Solo mbabar Wayang Kancil. Ing adicara kuwi ana joget lan babaran lakon Wayang Kancil sing dening para siswa. Salah sijine yakuwi Diva, 13, siswa Kelas VIII SMPN 1 Solo, kang maragani Markeso, wong sing kelangan wedhus amarga dicolong macan.

”Wong-wong siyaga arep ngrangket macan kuwi. Kancil kang pinter duwe pamrayoga supaya anggone ngrangket macan nganggo jaring. Wusana macan bisa dirangker lan banjur mertobat,” piterange Mujiyono.

Dwija tari ing SMPN1 Solo, Sumtining, ngandharake para siswa sesasi muput gladhen njoget sing dijumbuhake kalawan Wayang Kancil. ”Ora nggunakake kelir. Dhalang uga ora mung lungguh, nanging uga obah mrana-mrene,” ujare dheweke.

Advertisement
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif