Umum
Kamis, 10 Januari 2013 - 10:00 WIB

Sumbang Saran, Dudu Saran Sumbang

Redaksi Solopos.com  /  Tim Solopos  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - Yohanes Siyamta Alumnus Prodi Pendidikan Bahasa Daerah IKIP Yogyakarta lan Pustakawan UAJY. (FOTO/Istimewa)

Yohanes Siyamta
Alumnus Prodi Pendidikan Bahasa Daerah
IKIP Yogyakarta lan Pustakawan UAJY. (FOTO/Istimewa)

Artikel Ethnologue: Languages of the World kang kababar dening Time Almanac 2011 ngandharake lamun katitik saka akehing pawongan kang migunakake lan katandhingake karo basa-basa liyane ing saindenging jagad (sadonya), Basa Jawa mapan ing urutan kaping 12. Dene urutan kapisan tumekaning kaping lima yaiku: basa Mandarin, Spanyol, Inggris, Arab lan Hindi.

Advertisement

Andharan iku gawe bungah ing manah, bombonging pikir lan mongkog ing ati tumrap wong Jawa. Basa Jawa nyata ngedap-edapi lan manjila! Nanging apa ya kaya ngono sanyatane? Apa basa Jawa isih duwe daya lan piguna ing panguripaning wong Jawa saben dina? Geneya ing jaman saiki akeh panemu yen wong-wong Jawa ora seneng migunakake lan ora bisa micara basa Jawa?

Pakar filsafat lan budaya Jawa ing Sekolah Tinggi Filsafat (STF) Driyarkara, Romo Franz Magnis Suseno, nate ngandharake menawa paugeran lan wedharan kang kamot jroning budaya Jawa wis luntur merga pangaribawaning jaman modheren (modernisasi). Kacihna ing jaman saiki sansaya akeh wong sing ora seneng migunakake basa Jawa.

Advertisement

Pakar filsafat lan budaya Jawa ing Sekolah Tinggi Filsafat (STF) Driyarkara, Romo Franz Magnis Suseno, nate ngandharake menawa paugeran lan wedharan kang kamot jroning budaya Jawa wis luntur merga pangaribawaning jaman modheren (modernisasi). Kacihna ing jaman saiki sansaya akeh wong sing ora seneng migunakake basa Jawa.

Kanggo ngawekani kahanan iki, penjenengane paring pamrayoga amrih basa Jawa tetep digunakake lan dilestarekake lumantar pamulangan-pamulangan ing sekolahan. Karana pamrayoga iku lan ngiras pantes ngejawantahake asiling Kongres Bahasa Jawa mula ing wektu iki wus kaleksanan. Basa Jawa manjing dadi Kurikulum Muatan Lokal ing tataran pamulangan SD tumekaning SMA. Lumaku ing tlatah Jawa Tengah, Jawa Timur lan DIY.

Ing tataran SMP lan SMA cak-cakane bisa disebut temata amarga diwulang dening para guru lulusan Program Studi Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa utawa lulusan Jurusan Bahasa dan Sastra Jawa. Emane, ing tataran SD sing ndhasari kawruh lan pangertine para siswa malah diwulang dening guru sampiran.

Advertisement

Kosok balene, yen sing disampiri mau ora seneng, leleh-luweh, amarga rumangsa dudu ayahane, banjur anggone mulang mung sageleme dhewe, malah ana sing mung manut kunci–ora preduli kunci mau bener utawa luput–hla rak dadi cotho. Para siswa ora bisa lan ora mengerti, tundhane rumangsa angel lan bajur ora tresna marang basa Jawa.

Kejaba pamulangan utawa sekolah, brayat utawa kulawarga (Jawa) nduweni jejibahan melu nguri-uri lan njaga lestarine basa Jawa. Pocapan lan sesambungan jroning brayat–bapa, biyung lan para putra–prayoga banget ngulinakake lan migunakake basa Jawa. Ora-orane yen bakal rugi lan ketinggalan jaman.

Malah manut panemuku, para putra bakal duwe kaprigelan migunakake basa kang maneka-warna (multibahasa). Saora-orane, prigel basa Jawa amarga sinau lan migunakake ing omah. Dene ing sekolahan tambah kaprigelan basa liyane. Ing antarane Indonesia, Inggris, Arab, Mandarin, lan sapiturute.

Advertisement

Ing bebrayan agung, basa Jawa uga isih piguna lan nduweni daya. Tuladhane jroning adicara-adicara tadhisi: mitoni, selapanan bayi, supitan, mantu, pambudhaling layon lan upacara liyane, wong-wong Jawa rumangsa sengsem lan marem migunakake basa Jawa. Malah jroning pangibadah (pengajian lan sembahyangan), wong-wong Jawa rumangsa rumesep uga kanthi migunakake basa Jawa.

Kanthi andharan iki cetha menawa basa Jawa nyata isih andayani lan migunani tumrap pribadi lan bebrayan agung. Emane, ing pungkasaning 2012 ngancik taun 2013, kahanan iki bakal malik grembyang. Saperangan kanca–para guru basa Jawa–was-sumelang lan kuwatir aja-aja ing Kurikulum 2013 mengkone, mata pelajaran (mapel) Basa Jawa bakal diilangi, dikurangi utawa digabung ing mapel Seni lan Budaya. Kabeh isih dadi pradondi lan durung cetha!

Rikala para guru Basa Jawa mau ngajak rerasan lan sambat babagan iki, aku dhewe–kang uga lulusan Program Studi (Prodi) Basa Jawa nanging ora makarya ing pamulangan–mung bisa ngeyem-eyemi, caos pamrayoga lan urun rembug. Basa Jawa–lan basa dhaerah liyane–kawit biyen mula ora nate lan ora bakal  kalebu ing kurikulum nasional (kurnas).

Advertisement

Asiling Kongres Bahasa Jawa kaping papat (2005) nduweni pangaribawa (pangaruh) becik utawa positif tumrap mapel Basa Jawa. Yen taun-taun sadurunge ing tlatah Jawa Tengah, Jawa Timur lan DIY basa Jawa mung diwulangake ing tataran SD lan SMP, wiwit t 2005 wajib diwulangake ing tataran SD, SMP tumekaning SMA/SMK, kalebu ing Kurikulum Muatan Lokal (Mulok).

Kanggo mangun kapribadening para siswa lan njaga lestarining basa, sastra lan budaya, becik lamun pamulangan Basa Jawa–lan  basa dhaerah liyane–tetep dilestarekake minangka muatan lokal kaya sing saiki wis lumaku ing Jawa Tengah, Jawa Timur lan DIY. Amrih maujuding kapribadening para siwa lan aja nganti kelangan jati dhiri, mula musyawarah guru mata pelajaran (MGMP) Basa Jawa sinengkuyung pangarsa pangembating praja–Dinas Pendidikan Provinsi, kabupaten lan kutha–wajib menggalihake lan nggatekake babagan iki! Aja malah melu munthes lan mateni.

Dene yen kepeksane kudu ngurangi utawa malah bakal manunggalake jroning mapel Seni lan Budaya, kudu enggal-enggal ditata kanthi titi lan permati. Cak-cakane pancen ora gampang. Awit kudu manunggalake para guru sing wis ana kanthi kaprigelan mandhiri kang siji lan sijine ora padha. Ing antarane seni musik, seni tari, seni lukis, seni drama lan basa Jawa (dhaerah).

Taun Pelajaran 2013/2014 sing jarene kudu wis nindakake Kurikulum 2013 wektune sansaya ngangsek lan wis cepak. Petunjuk pelaksanaan lan petunjuk teknis (juklak lan juknis) kanggo kaleksanane babagan iki kudu enggal kababar lan kewedhar. Muga-muga tulisan iki dadi salah sawijining sumbang saran, dudu saran sumbang. Nuwun.

Advertisement
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif