Umum
Kamis, 10 Januari 2013 - 11:57 WIB

PURWAKA: Wayang Kancil Nyawang Jaman

Redaksi Solopos.com  /  Tim Solopos  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Kula gadhah Pak Lik ingkang tansah medhar dongeng dhumateng kula lan sadherek-sadherek kula nalika kula sedaya taksih alit. Salah satunggalipun dongeng ingkang dipun cariyosaken inggih punika Kancil Nyolong Timun. Mbok bilih kula mboten migatosaken cariyosipun, nanging kados pundi suwantenipun Pak Lik medhar Kancil Nyolong Timun saged nglela-lela anggen kula tilem.

Sak sampunipun kula remaja tumuju dewasa, kula mboten nate malih mirengaken dongeng kancil. Nanging, kula manggihi kancil awujud wayang kerdhus anggitanipun Bibit Waluyo, seniman gambar wonten ing Solo. Bibit mboten namung damel Wayang Kancil, piyambakipun kala-kala nggelar ringgit kerdhusipun. Kula ugi nate migunakaken saperangan paraga Wayang Kancili kangge ndongeng wonten ing ngajengipun lare-lare.

Advertisement

Piwulang punapa ingkang kakandhut ing dongeng kancil utawi Wayang Kancil? Kula mboten mangertos lan kula kangelan badhe paring piterang. Nanging, ingkang kula saged raosaken inggih kancil punika salah satunggalipun kewan (wonten ing dongeng punika) ingkang pinter sanajan kadhang kala radi julig. Pak Lik tansah wongsal-wangsul medhar Kancil Nyolong Timun, amargi piyambakipun mbok bilih inggih kesengsem cariyos kasebat.

Kamangka sasampunipun, kula ningali Wayang Kancil anggitanipun Bibit, kula manggihi paraga-paraga sanes, kados macan, kebo, baya lan sanes-sanesipun. Paraga-paraga ingkang mboten namung wonten ing cariyos Kancil Nyolong Timun. Ateges dongeng utawai Wayang Kancil sugih cariyos-cariyos sanes sasanesipun bab colong-jupuk.

Wayang Kancil taksih nggadhahi daya kangge sarana mucal budi pakerti tumrap lare. Nanging tontonan punika kedah dipunowahi pasugatanipun supados langkung mranani lare. Nalika kula nyobi ngginakaken Wayang Kancil kangge ndongengi lare-lare, kula mboten ngginakaken teknologi modheren (amargi mboten gadah wawasan).

Advertisement

Nanging, kula ngudi kados pundi lare (penonton) saged paring panyaruwe utawi pitakenan dhumateng wayang utawi dhalangipun. Bab punika salah satunggal upaya ndadosaken Wayang Kancil minangka tontonan lan tuntunan ingkang langkung interaktif. Samangke katah tiyang sepuh mitadosaken piwulang budi pakerti ingkang awujud tontonan (hiburan) lumantar gadget-gadget. Ingkang penting lare mboten rewel lan mboten ngrusuhi tiyang sepuh.

Kasunyatanipun, lare inggih kendel lan gandheng kendelipun kasangeten ngantos mboten nggagas punapa-punapa lan sinten kemawon. Panyawang lan angen-angenipun namung tumuju lan mbokmbilih sampun mlebet wonten ing gadget-gadget kalawau. Kula pitados lare-lare punika lajeng nggadahi wawasan lan ilmu ingkang langkung sasampunipun njajah maneka werna barang-barang ingkang unggul punika.

Nanging, kados pundi sesrawungan lan rasa pangrasa tumrap ing liyan ingkang dipun gadahi? Dongeng utawai Wayang Kancil pamoripun dhawah mboten amargi manungsa mboten purun dipun wulang srana dongeng kewan. Paraga-paraga tontonan lan tuntunan saking manca negari ugi kathah ingkang awujud kewan. Malah kewan-kewan impor punika taksih misuwur wonten mrikin ngantos sakpunika. Kadosta Angry Bird, Alvien Chipmunk, Beruang Madu, lan sanes-sanesipun.

Advertisement

Mbok bilih bab ingkang wigati inggih punika dereng wonten ingkang nyanggit Wayang Kancil supados dipun tampi tiyang-tiyang modheren. Hans Christian Andersen, juru dongeng saking Denmark, sampun nyerat atusan dongeng kangge lare. Anggitanipun juru dongeng ing taun 1800-an punika sampun dipun sulih ing 125 basa saindenging donya.

Kathah ugi film, sandiwara, balet lan film kartun ingkang sumberipun saking seratanipun HC Andersen.  Wayang Kancil temtu ugi nggadahi kalodhangan kados dongeng-dongengipun HC Andersen. Kedah wonten ingkang nempukaken Wayang Kancil kaliyan tlatah-tlatah seni sanesipun. Sadayanipun punika mboten ateges namung badhe nyipta kaunggulaning seni, nanging kados pundi piwulang budi pakerti saged langkung dipun wedhar lumantar Wayang Kancil.

Advertisement
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif