Umum
Kamis, 10 Januari 2013 - 10:30 WIB

CERKAK: Aku Prajurit Sejati ing Atimu

Redaksi Solopos.com  /  Tim Solopos  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Dina iki dina sing paling nggawe atine bocah-bocah SMA ora karuan. Pancen bener, ngenteni wara-wara kalulusan kuwi pancen bisa nggawe ati ndredeg lan ora karuan. Tari lan Bima sing lagi lungguh ing ngarep kelas uga ngrasa ndredeg, nanging rasa ndredeg kuwi kayane wis musna kalah karo rasa kuciwa. Amarga sawise lulus Tari lan Bima ora bakal bisa ketemu maneh.

“Uwis Tar, aja nangis ngene ta. Aku percaya yen pancen awake dhewe iku jodoh, mesti ora bakal bisa kapisah kok,” ujare Bima.

Advertisement

“Iyo Bim, aku ya ngerti, nanging aku ngrasa kuciwa wae,” wangsulane Tari.

“Ya wis saiki ayo ndelok wara-wara kalulusan wae, aja nangis maneh ya,” ajake Bima.

Nalika Bima lan Tari mlaku ing papan wara-wara jebule kanca-kancane wis padha rame lan bungah banget amarga mangerteni yen siswa kelas telu padha lulus kabeh. Bima lan Tari uga ngrasa bungah banget banjur ngerteni yen bijine apik-apik banget.

Seminggu sawise kalulusan, Bima mertamu ing omahe Tari. Bima pancen wis sering dolan ing omahe Tari lan sowan marang bapak ibune Tari. Amarga cah loro kuwi wis pacaran rong tahun suwene. Bapak ibune Tari lan Bima uga ora nglarang nalikane putra putrine pacaran, sing penting anggene pacaran sing lumrah wae lan ora nglakoni apa wae sing dilarang agama.

“Tar, kayane iki patemonan awake dhewe sing pungkasan. Sesok aku wis kudu mangkat ing Ambon kanggo nerusake cita-citaku sing kepengin dadi tentara. Aku diutus bapak lan ibuku melu budheku sing manggon ana ing Ambon. Aku kepengin awakmu bisa sabar lan ngenteni aku ya Tar,” ujare Bima marang wong wadon sing paling ditresnani kuwi.

“Aku ngerti Bim, wektu sing kaya ngene iki bakal kadadean. Nanging mergo tresnaku iki tulus, aku lila Bim kowe mangkat ing Ambon. Aku bakal terus ngenteni balimu,” wangsulane Tari karo netesake eluh.

“Ya wis cah ayu, aja nangis terus ya. Lungaku mengko dadi tansaya abot yen awakmu nangisi aku terus. Aku njaluk donga lan pangestumu wae supaya aku bisa sukses lan cepet dadi tentara. Ya wis aku pamit ya, iki wis wengi. Salam ya kangge bapak lan ibumu,” pamite Bima.

Advertisement

“Iya Bim, aku bakal ngenteni tekamu lan terus donga supaya kita bisa sesandhingan bareng,” dongane Tari.

Saiki wis ganep sesasi Bima ana ing Ambon. Saben dina Bima nglatih fisik lan mentale supaya bisa nglakoni tes mlebu TNI sing ora gampang. Bima uga ora lali ndonga marang Gusti ingkang Maha Kuwaos lan Asih supaya bisa lancar lan sukses anggene nglakoni tes. Nalika Bima ngrasa kangen karo Tari, dheweke ngirim layang lan ngabarake kepriye kahanane.

Runtutan tes saka awal nganti akhir jebule bisa dilewati Bima kanthi sukses, senajan ora gampang lan rekasa anggene nglakoni tes-tes kasebut. Nanging senajan Bima wis resmi dadi TNI, nanging dheweke isih kudu melu pendhidhikan suwine kira-kira lima nganti nem sasi. Bima ora lali ngirimake layang kanggo bapak ibune lan kanggo wong wadon sing paling ditresnani yaiku Tari. Bima kepengin ngabarake yen dheweke saiki wis bener-bener bisa dadi apa kang diimpenake wiwit cilik yaiku dadi tentara, lan bakalan nglakoni pendidikan. Bima uga ngucapake matur nuwun kanggo puji pandonga sing wis ditujuake kanggo dheweke.

Tari sing maca layang kuwi ngrasa bungah lan ngucap syukur marang Gusti Allah amarga ngrasa yen dongane bener-bener diijabah. Tari uga mbales layange Bima lan nyeritaake kahanan saiki sing lagi kuliah ing akademi kebidanan. Dadi bidan pancen dadi kepenginan Tari nalika isih SMA, dheweke pengen mbantu ibu-ibu sing arep nglairake. Tari uga pengin bisa ngrasakake kepiye rekasane perjuangan seorang ibu sing nglairake bayine.

Sawise nempuh pendidikan militer, jebule Bima ditugasake supaya melu perang mikul senjata ing medan perang sing suwine durung bisa dimangerteni. Nglakoni perang ing medan perang kaya ngono padha wae kaya taruhan nyawa antawis urip lan mati, amarga ing daerah kuwi lagi ana konflik gedhe sing ora sepele. Bima kepikiran marang Tari sing nganti saiki isih setia ngenteni tekane. Bima ngrasa ora tega yen Tari terus-terusan ngenteni dheweke sing durung bisa dimangerteni kapan mulihe.

Tari sing sore iku lagi resik-resik nyapuni latar, nampa layang sing jebule saka wong lanang sing paling ditresnani yaiku Bima. Rasa bungah wis mesti dirasaake dening Tari. Among layang sing bisa ngobati rasa kangen ning Bima.

 

Advertisement

Ambon, 31 Mei 1990

Kanggo Tari Mariana pepujaning atiku.

Muga-muga sliramu lan sakaluwarga tansah kinasihan bagas waras saka Gusti kang maha mirah lan asih. Rianasa wus arep setaun ora ketemu sliramu, ora ngerti esemmu.

Alhamdulillah aku wis bisa kasil apa sing dakimpenake Tar. Iku kabeh uga amarga puji pandongamu cah ayu. Sajruning bathin iki kepengin banget ketemu sliramu. Layang iki daktulis kanggo sliramu. Layang kangen tanda katresnanku. Impenku kepengen urip sesandhingan karo sliramu selawase. Ngrenda asmara bebarengan.

Nanging abot rasane ati iki nalika nulis layang iki. Abot tenan nalika aku kudu ngabarake yen aku ora bisa nerusake tali asmara iki Tar. Aku kapeksa nrima dijodohake kaluargaku karo wanita liya asli Ambon. Aku kapeksa nuruti apa sing dikarepake kaluargaku. Aku ora kepengin Tar nggawe ibuku sing saiki lagi lara dadi tambah lara.

Sepisan maneh aku njaluk samudra pangapuramu cah ayu. Aku kepengin sliramu bisa entuk wong lanang kang luwih apik lan luwih bisa nggawe atimu seneng. Among sakmene wae Tar layang sing bisa daktulis. Aku kepengin sliramu bisa mangerteni kahananku saiki.

Aku Kang tansah nresnani Sliramu.

Advertisement

 

Bima Ardhi Danuarja

 

Tari mung bisa nangis lan ngelus dada sawise maca layang sing wis nggawe atine perih lan lara banget. Tari ora ngira yen Bima bisa gampang banget ninggalake dheweke lan milih wanita liya.

“Tega banget kowe Bim nggawe lara atiku. Aku ning kene wis setya ngenteni tekamu tapi malah kaya ngene balesanmu. Tapi yen pancen iki pilihanmu, aku bakal nrima lan lila kowe nikah karo wanita liya. Aku mung bisa donga supaya kowe bisa urip seneng lan mulya karo wanita pilihanmu. Matur nuwun Bim karo kabeh kenangan endah sing wis kok wenehne aku nalika kita ngrenda asmara,” pangucape Tari sawise maca layang saka Bima.

Setahun sawise Bima mutusake hubungane karo Tari, nganti saiki Tari durung bisa tresna marang pria liya kaya tresnane ning Bima. Nanging ora sitik pria sing nyoba nyedaki Tari. Dheweke wis mulai njajal mbukak ati kanggo pria liya. Tari ora pengin sembarangan milih pria sing bakal dadi pepujaning ati. Tari uga milih pria sing direstui bapak lan ibune.

Hendrian Bayu Dewanto, pria 25 taun sing nduweni gawean dadi pilot iki sing jebule dipilih Tari dadi pacare nalika dheweke lagi wae lulus sekolah bidan. Senajan Bayu luwih tuwa telung taun saka Tari, nanging pria iki pancen bagus eram. Ora mung bagus wajahe wae, nanging uga bagus tindak-tanduke. Mula Tari bisa nrima dheweke dadi pacar lan calon bojone. Wong tuwane Tari lan Bayu uga wis menehi restu, lan kepengin putra-putrine cepet nikah. Rencana nikah iki wis dirembug bareng-bareng antawis rong kaluarga kasebut. Nanging amarga Tari lagi wae lulus, dheweke kepengin kerja dhisik. Dadi keputusane yaiku Tari bakal nikah karo Bayu taun ngarep.

Advertisement

“Tar, apa awakmu wis yakin tenanan arep dadi bojoku? Apa kowe wis bisa nglaliake Bima ta?” pitakone Bayu.

“Bima iku wis dadi masa lalu ku Mas. Aku wis ora nduwe rasa apa-apa marang dheweke. Saiki Bima ya wis nduwe bojo Mas. Dadi saiki aku wis yakin lan mantep yen sampean iki pancen wis cocok dadi calon bojoku,” wangsulane Tari.

“Iya Tar, aku percaya marang sliramu. Aku uga wis mantep nikah karo sliramu. Aku ngrasa dadi pria sing beja banget entuk wanita sing apik rupa lan atine kaya sliramu iki. Aku wis yakin lan percaya Tar yen awakmu bakal dadi ibu sing apik lan bisa ndidik anak-anake awake dhewe mengko,” ucape bayu sing lagi ketaman asmara.

****

 

Dina iki dina sing paling dienteni lan paling sakral kanggo Tari lan Bayu. Pancen bener, dina iki Bayu bakal ngucapake ijab kabul ing ngarep penghulu. Dina iki ana cara akad nikah antawise Bayu lan Tari. Bayu bisa kanthi lancar ngucapake ijab kabul tanpa dibaleni. Perasaan bungah katon cetha ing esem sumringah Bayu lan Tari kepengin resepsi iki digawe sederhana wae, mung ngundang kaluarga lan kanca-kanca raket. Bayu lan Tari ora kepengin resepsine digawe mewah lan hura-hura, amarga sing paling penting iku kesakralan saka acara akad lan resepsi iki.

Saka perkawinan iki Bayu lan Tari dikaruniai putri sing ayu banget kang dijenengi Kirana Dewi Anjani. Saiki umure Anjani wis wolung taun lan isih lungguh ing bangku SD. Anjani kuwi kalebu bocah sing pinter lan lincah, sregep sinau nanging uga seneng melu latihan nari ing sekolahe. Nanging amarga Anjani iku anak tunggal utawa semata wayang, dadi dheweke pancen rada manja lan ngaleman.

Advertisement

“Ibu, Anjani pamit sekolah rumiyin nggih Bu. Ananging mangke kula dugi griya radi sonten Bu, amargi wonten latihan nari dhateng sekolah,” pamite Anjani.

“Iya Nak, ora apa-apa. Sing penting ati-ati lho ya yen numpak sepedha. Aja banter-banter, mengko yen tiba lho,” wangsulane ibune.

“Inggih Ibu, Anjani ati-ati kok. Assalamualaikum,” pamite kanthi salim tangane ibune.

Waalaikumsalam.”

Sore iki kayane arep udan deres, amarga mendunge wis katon peteng banget. Mula sawise latihan nari Anjani cepet-cepet muleh, nganti anggene numpak sepedha banter banget. Amarga pancen lagi grimis lan dalanan dadi lunyu, jebule nggawe ban sepedhahe Anjani ora imbang nganti tiba ing dalan. Untung wae nalika kuwi ana wong lanang sing nulungi dheweke lan gelem ngeterake Anjani nganti teka omahe.

“Ibu, perih Bu, perih banget Bu!” jerite Anjani karo nyekeli dengkule sing metu getihe.

Astaghfirullah, ana apa Nak? Kok bisa nganti kaya ngene ta Nak! Iki mesti anggene numpak sepedha ora ngati-ati ta! Wis ayo kene dakobati dhisik,” ujare ibune Anjani kanthi kuwatir.

Advertisement

“Mangga Pak pinarak rumiyin. Matur nuwun sanget nggih Pak sampun nulungi anak kula.” Nalika wong lanang sing ana ing ngarep lawang mengo, ora dinyana jebule wong lanang iku Bima Ardhi Danuarja. Pancen bener, wong lanang iku sing biyen tau dadi pacare Tari. Bima lan Tari padha-padha kaget lan ora ngira. “Bim… Bima? Kowe kok saiki bisa ning kene?” pitakone Tari.

“Iya Tar, aku ning kene wis sesasi. Aku lagi ngerti yen kowe wis rabi lan Anjani kuwi anakmu. Aku melu seneng Tar yen kowe wis urip seneng lan mulya.”

“Lha terus putramu dhewe wis piro Bim? Mesti saiki wis gedhe,” pitakone Tari.

“Jujur Tar, aku kepengin njaluk pangapuranmu aku wis ora jujur karo sliramu. Aku iki ora pernah rabi lan ora pernah dijodohake. Aku mung pengin kowe ora ngenteni tekaku sing ora cetha Tar. Aku ditugasake perang ing Ambon merga ana konflik ing kana. Mula kapeksa aku nulis layang kae kanggo awakmu. Aku ya ngrasa getun Tar sawise nulis layang kae. Aku njaluk pangapuranmu Tar,” panjelase Bima.

“Ya wis lah Bim, kabeh iki wis kadadean. Ora usah digetuni maneh. Sing mbiyen wis ben dadi masa lalu wae. Saiki aku mung pengin nata uripku lan putriku Anjani. Sawise Mas Bayu seda amarga pesawate ceblok ing laut setahun kepungkur, uripku saiki mung kanggo Anjani wae.”

“Sing sabar wae Tar, iku mung coba saka Gusti Allah. Bayu ing alam kana mesti seneng banget ngerti kowe lan Anjani dadi wanita sing kuat,” kandhane Bima. Amarga Bima lan Tari pancen dasare isih tresna, mula Bima nyoba nyedaki Tari. Anjani ya wis bisa cedak lan akrab karo Bima amarga Bima pancen tulus lan ikhlas menehi kasih sayange marang Tari lan Anjani. Jebule malah Anjani sing pengin Bima lan ibune bisa rabi, dheweke ya kepengin nduwe sosok bapak kaya Bima kuwi.

“Tar, Anjani wis bisa nrima aku. Terus yen aku nglamar sliramu piye Tar?” pitakone Bima

“Iya Bim, aku ya pengin ngabulake karepane Anjani, aku uga pengin bisa sesandhingan karo awakmu. Nanging aja saiki ya Bim. Kita golek wektu sing pas dhisik wae,” ujare tari.

“Iya Tar, aku manut wae. Aku bakal nunggu kapan wae nganti kowe wis bener-bener siap lan manteb bebojoan karo aku. Yen mung masalah wektu wae ora dadi masalah Tar, amarga tresnaku iki marang sliramu pancen tresna sing tulus lan suci,” panjelase Bima.

 

Prima Veronika, Jl Kartika 12 A, RT 04/RW 22, Ngoresan, Jebres, Solo.

Advertisement
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif