Jagad-jawa
Kamis, 3 Januari 2013 - 11:00 WIB

PURWAKA: Basa Jawa Dadi Basa Asing

Redaksi Solopos.com  /  Tim Solopos  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - Rini Tri Puspohardini Sastrawan Jawa Guru SMPN 3 Salatiga

Rini Tri Puspohardini
Sastrawan Jawa
Guru SMPN 3 Salatiga

Basa Jawa dadi basa asing? Ora mokal. Suwene suwe Basa Jawa bisa dadi basa asing ing tanah Jawa. Wektu iki wiwit krasa yen Basa Jawa sansaya arang kanggo pirembugan. Ing kantor-kantor pemerintah lan ing madyaning kulawarga meh kabeh komunikasi nganggo basa Indonesia.

Advertisement

Basa Jawa wis kaya dudu bahasa ibu maneh. Wiwit cilik bocah-bocah wis ora tepung basa Jawa. Sing cetha, sing isih tetep duwe basa Jawa mung pemain kethoprak, bakul ing pasar lan tukang becak. Dudu bab sing nggumunake yen ing sekolahan ora ana bocah sing ngucap salam nganggo basa Jawa. Nalika sawijine wektu guru menehi tugas  supaya ngucap salam nganggo Basa Jawa, sawetara guru liya nyaruwe si bocah mangkene;  kalau tidak bisa, pakai bahasa Indonesia saja.

Nalika wulangan Basa Jawa, akeh sing panglantare basa Indonesia. Bisa uga bakal kedadeyan sawijine bocah SD (bocah Jawa sing lair lan gedhe ing Jawa) takon marang kancane mangkene; Eh, Nin, anak kucing cemeng, anak sapi pedhet, anak komodo namanya apa ya?

Kanyatan kaya mangkono mujudake tantangan tumrap guru Basa Jawa. Kanggo  saperangan bocah, sekolahan bisa diarani siji-sijine papan kanggo sinau basa Jawa. Guru Basa Jawa kudu ngundhakake kawruh lan kaprigelane. Basa Jawa diwulangake kanthi cara sing nyenengake supaya tuwuh krenteg, aja nganti dadi momok, utawa luwih nemen maneh, dadi sirikan.

Advertisement

Wulangan Basa Jawa dibutuhake kanggo njaga tetep lestarine basa Jawa. Basa Jawa kudu diwulangake kanthi nggatekake jaman lan tinarbuka marang owah-owahan. Ing Jawa Tengah, basa Jawa wis wiwit katon grengsenge kanthi anane SK Gubernur No 895.5/01/2005 tanggal 23 Februari 2005 kang isine penetapan dan pengesahan Kurikulum 2004 mata pelajaran Bahasa Jawa serta bahasa Jawa wajib diajarkan di sekolah untuk tingkat SD/MI, SMP/MTs dan SMA/SMK/MA di Jawa Tengah,

Bab kasebut dianyarake maneh kanthi anane SK Gubernur Jawa Tengah No 423.5/5/2010 bab Kurikulum Mata Pelajaran Muatan Lokal (Bahasa Jawa) untuk Jenjang Pendidikan SD/SDLB/MI, SMP/SMPLB/MTs Negeri dan Swasta Provinsi Jawa Tengah lan Keputusan Gubernur Jawa Tengah No 423.5/27/2011, tanggal 7 April 2011, ngenani Kurikulum Mata Pelajaran Muatan Lokal Bahasa Jawa untuk Jenjang Pendidikan SMA/SMALB/SMK/MA Negeri dan Swasta di Provinsi Jawa Tengah.

 

Advertisement

Pranyata grengseng kuwi prasasat sakedhepan. Donyane pendhidhikan horeg kanthi anane owah-owahan kurikulum. Basa Jawa (lan basa dhaerah liya) ora kacakup. Yen ngengrengan kasebut resmi dadi keputusan, bisa diarani basa dhaerah ing Indonesia kiamat.

Apa ora aran mblenjani UUD 1945 mligine Pasal 32 (amandemen kaping papat tahun 2002) kang unine mangkene: (1) Negara memajukan kebudayaan nasional Indonesia di tengah peradaban dunia dengan menjamin kebebasan masyarakat dalam memelihara dan mengembangkan nilai-nilai budayanya. (2) Negara menghormati dan memelihara bahasa daerah sebagai kekayaan budaya nasional.

Kanthi disuwake Basa Jawa ing donyane pendhidhikan, bisa dikira-kira kepriye dadine basa Jawa. Ora suwe bakal ilang, mati, bareng karo enteke pawongan kang migunakake basa Jawa. Tanpa prelu diterangake, bisa dikira-kira bakal kaya apa dadine kabudayan nasional tanpa basa dhaerah.

Dene Basa Jawa lan basa dhaerah liya? Kudu tatag ngadhepi pati. Kudu siap yen sawanci-wanci anak putu menyang negara manca kanggo nyinaoni. Ora kena lara ati, yen sawanci-wanci basa Jawa didhaku, dipatenke negara liya kaya nasibe sawetara seni tradhisi. Lan sawijine wektu mengko, basa Jawa bakal dadi basa asing ing tanah Jawa.

Advertisement
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif