Jagad-jawa
Kamis, 27 Desember 2012 - 12:13 WIB

PURWAKA: Mejahi Jati Dhiri

Redaksi Solopos.com  /  Tim Solopos  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - Bambang Harjanto Pangesuh Paguyuban Anggrek Angudi Angrembakaning Kabudayan Surakarta. (FOTO/Istimewa)

Bambang Harjanto
Pangesuh Paguyuban Anggrek
Angudi Angrembakaning Kabudayan Surakarta. (FOTO/Istimewa)

Mboten dangu malih, Kurikulum Pendidikan 2013 badhe kalaksanaaken. Ing wekdal punika katemben dipun wontenaken uji publik kalaksananipun.

Advertisement

Saperangan sampun nyarujuki kanthi pangajab supados asilipun pendhidikan sansaya majeng lan langkung sae. Nanging kathah ugi ingkang mboten sarujuk ing antawisipun wonten raos kuwatos menawi wucalan basa dhaerah utaminipun basa Jawi mboten dipun wucalaken.

Bab punika kedah dados kawigatosan, amargi ngicali wucalan  basa Jawi ateges badhe ngicali jati dhiri daerah. Saben basa daerah temtu kagungan jati dhiri lan punika kalebet ewonipun budaya Nuswantara ingkang kedah dipun jagi kangge generasi salajengipun.

Advertisement

Bab punika kedah dados kawigatosan, amargi ngicali wucalan  basa Jawi ateges badhe ngicali jati dhiri daerah. Saben basa daerah temtu kagungan jati dhiri lan punika kalebet ewonipun budaya Nuswantara ingkang kedah dipun jagi kangge generasi salajengipun.

Basa Jawi ingkang sampun mbalung sumsum tumrap tiyang Jawi mboten namung dados basa ibu nanging salebetipun basa Jawi ngandhut  piwulang, piweling, unggah-ungguh lan pendhidikan karakter/budi pakerti.

Ing wekdal punika kemawon sanajan basa Jawi dipun wucalaken ing pasinaon nanging kathah ingkang mboten mangertos tumrap budaya Jawi, kamangka budaya Jawi kalebet budaya adi luhung, kebak tata krama ingkang kawujudaken kanthi basa lan pakarti utama.

Advertisement

Tiyang Jawi menawi ngendikan ngangge basa Jawi temtu kagungan tata krama, tata susila lan unggah-ungguh. Tiyang Jawi sampun kawentar ingkang hanggadhahi falsafah lan unggah-ungguh ingkang alus lan jangkep.

Sedaya tumindak lan tata basa mujudaken asil pangolahing budaya ingkang sampurna. Pramila basa Jawi kedah dipun gegulang saestu lan premati, mboten namung lumebet wonten ing muatan lokal nanging  menawi saget kepara ngadeg mandhiri piyambak kados wucalan sanesipun.

Wontenipun Peraturan Dhaerah Pamarintah Provinsi Jawa Tengah Nomer 17 Tahun 2012 babagan Bahasa, Sastra lan Aksara Jawa dipun ajab amrih lestantunipun basa Jawi wonten era globalisasi.

Advertisement

Saderengipun, wonten Keputusan Gubernur Jawa Tengah Nomer 423.5/5/2010 babagan Kurikulum Mata Pelajaran Muatan Lokal (Bahasa Jawa) ingkang nandhesaken basa Jawi kedah dipun wucalaken wiwit sekolah dasar dumugi sekolah menengah.

Kawigatosan pamarintah punika adhedasar awit tiyang Jawi kathah ingkang nyingkur tumrap basanipun piyambak, saperangan nganggep basa Jawi kina (jadul utawi mboten njamani) kamangka budaya Jawi kagungan kearifan lokal ingkang kedah dipun jagi sesarengan minangka jati dhiri tiyang Jawi.

Kurikulum 2013 sumangga, nanging sampun ngantos basa Jawi dipun icali saking  pawiyatan. Ngicalaken wucalan basa Jawi ateges ngicalaken jati dhiri ingkang dangu-dangu saget mejahi karakter budaya Jawi.

Advertisement

Menawi ngantos kalampahan ateges  ”wong Jawa ilang Jawane” ingkang tundhanipun ndadosaken  generasi bangsa gampil kengguh ombyaking kahanan budaya manca ingkang mboten trep lan jumbuh kaliyan budaya Jawi.

Wiwit rumiyin basa Jawi sampun kabukten paring sumbang sih ingkang mboten sakedhik kagem mbangun moral lan jati dhiri bangsa ing Nuswantara. Kahanan samangke nedahaken basa Jawi sansaya kasingkur ing madyaning bebrayan agung, hla punpa ugi badhe kasingkur ing pawiyatan mliginipun ing tlatak suku Jawa?

Advertisement
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif