Jagad-jawa
Kamis, 27 Desember 2012 - 11:38 WIB

Kurikulum Subasita

Redaksi Solopos.com  /  Tim Solopos  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - Herry Honggo Pangudi luhuring pawiyatan. (FOTO/Istimewa)

Herry Honggo
Pangudi luhuring pawiyatan. (FOTO/Istimewa)

Wanci ini akeh wong tuwa, pangudi luhuring pawiyatan, guru nganti tekan Menteri Pendidikan lan Kebudayaan, M Nuh, rumangsa judheg yen menggalih polah tingkahe bocahp-bocah lan remaja jaman saiki.

Advertisement

Ya, amarga dumadine bocah lan remaja sing murang tata, ora nduweni unggah-ungguh marang wong tuwa, paribasan wong Jawa ilang Jawane, pasar ilang kumandhange lan bocah wadon ilang isine. Naging yen bab nyalahke wong liya senenge ora jamak. Banjur iki salahe ing ngendi lan sapa sing salah?

Apa bener yen kurikulum pendhidhikane sing luput? Kamangka wiwit bangsa iki mardika nganti dina iki kurikulum pendhidhikan SD nganti SMA  lan sing sadrajat wis ganti nganti kaping wolu, nanging apa tetep ora pener?

Advertisement

Apa bener yen kurikulum pendhidhikane sing luput? Kamangka wiwit bangsa iki mardika nganti dina iki kurikulum pendhidhikan SD nganti SMA  lan sing sadrajat wis ganti nganti kaping wolu, nanging apa tetep ora pener?

Luwih-luwih bareng mata pelajaran (mapel) budi pekerti dijabel ing taun 1968, kasunyatane wiwit kuwi generasi bangsa iki tambah murang tata, saengga kelangan subasita (tata krama/unggah-ungguh). Sing dadi pelajar seneng tawuran, sing dadi pejabat dhemen korupsi.

Sanadyan kurikulum wis wola-wali ganti nganti kaping wolu (1950–2007), lucune kok ya durung ana sing pas. Yen mangkono apa bener unen-unening wong akeh, sanadyan wis 67 taun mardika bab pendhidhikan lan tenaga pendhidhik lakune durung trep, durung jumbuh karo sing dikarepke.

Advertisement

Wusanane ana unen-unen populer saben ganti menteri ganti kawicaksanan. Saengga menteri wedi nutugake program kurikulum sing wis lumaku sanadyan becik lan pas. Amarga wedi yen diarani ora nyambut gawe, banjur ora diangkat maneh dadi menteri ing periode candhake. Harak cotho yen ngene carane !

 

Ganti Kawicaksanan

Advertisement

Yen wis ngono, satemah murid lan guru sing banjur didadekake kelinci percobaan, kurikulum sing wingi wae durung rampung, kok disusul kurikulum anyar.

Ayo padha disimak, jaman Menteri Pendidikan dan Kebudyaan, Mashuri SH, sadurunge ngowahi ejaan ”tj” dadi ”c” lan ”dj” dadi ”j” (Agustus 1973), piyambake kasil ngripta Kurikulum 1968. Ing kurikulum iki mapel Budi Pekerti dijabel, sanadyan ta isih mung diseselke ing mapel Pelajaran Moral Pancasila (PMP).

Ewasemono, bareng menterine ganti Prof Dr Syarif Thayeb (1974–1978) mapel Budi Pekerti mung disumpelake ing mapel PMP lan Agama, nanging ora nduweni sesebutan dhewe.

Advertisement

Ya, wiwit jamane menteri iki ing donyane pendhidhikan ngalami owah-owahan gedhen. Wulangan basa dhaerah mung mlebu ing kurikulum muatan lokal (mulok), tegese diwulangake ya mangga, ora ya mboten menapa-menapa.

Jluntrunge gawe bingunge bangsa, mligine generasi jaman saiki. Ing titi wanci iki akeh bocah ora ngerti subasita lan tata basa, ora bisa mbedake endi krama inggil endi ngoko.

Mula saka kuwi bocah saiki mung ngudi otak nanging nglirwakake watak. Mula Mendikbud M Nuh bakal mbabar Kurikulum 2013, sing diwiwiti ing wulan Februari, mligine kanggo murid SD.

Mapel tumrap siswa SD sing maune cacah 13, saiki diringkes luwih saka separone, mung kari nenem, yaitu Agama, Pancasila, Bahasa Indonesia, Seni Budaya lan Ilmu Pengetahuan.

Kabeh mau mung kanggo ndandani generasi tembe supaya ngerti subasita lan tata basa dhaerahe dhewe-dhewe. Mongsok ta bocah saiki sing manggon ing Solo wae ora bisa maca majalah abasa jawa, bocah Sunda gragapan yen maca majalah Mangle.

Oara ninik mamak (pinisepuh) padha ngelus dhadha yen meruhi generasi saiki plegak-pleguk yen kojah nganggo basa Minang lan sapiturute. Kajaba saka kuwi, kurikulum sing dadi luwih ringkes kuwi ing tembena bakal ndadekake bocah sekolah ora  kabotan tas lan gedhene tas sing umume ngungkuli bocahe.

Advertisement
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif