Jagad-jawa
Kamis, 20 Desember 2012 - 10:13 WIB

KRIDHA: Wakil Gubernur Bakal Maca Geguritan ing Solo

Redaksi Solopos.com  /  Tim Solopos  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Sawetara wanita politisi ing Jawa Tengah bakal maca geguritan ing Pendhapa Taman Budaya Surakarta (TBS), Jemuah (21/12). Adicara maca geguritan kuwi diadani dening Komunitas Pagupon kanggo mengeti Dina Ibu, 22 Desember.

Wakil Gubernur Jawa Tengah, Rustrininingsih, lan anggota Dewan Perwakilan Daerah (DPD), Poppy Darsono, bakal ngregengake adicara kuwi. Para wanita politisi kuwi bakal maca geguritan ing pambukaning opera gurit Kidung Sekaring Wanodya .

Advertisement

Kidung Sekaring Wanodya mujudake opera geguritan asumber geguritan karyane seniwati sing kondhang kanthi asma Nyai Puncak Solo. Geguritan kasebut ngandhut wredi babagan wanita sing kaanggit lelandhesan riwayat uripe RA Kartini.

Klumpukan geguritan kuwi dianggit dening Nyai Puncak Solo wiwit sawetara taun kapungkur lan bakal dibabar ing opera gurit, Jemuah sesuk, kanggo mengeti Dina Ibu 2012.

Sutradara acara, St Wiyono, ngandharake Kidung Sekaring Wanodya kasengkuyung dening seniwati saka Solo lan Kutha Jogja. Opera lelandhesan naskah geguritan iki bakal dibabar sasuwene sakjam kanthi nyawijekake beksan, geguritan, tembang lan musik.

Advertisement

”Iki cara anyar kanggo nyengkuyung seni geguritan sing sansaya kasingkur ing madyaning bebrayan agung Jawa jaman saiki. Saliyane kuwi, iki uga dadi sarana kanggo nggugah dayane para wanita murih bisa sansaya mangun kridha kanggo mbangun bebrayan agung,” piterange Wiyono nalika ditemoni Espos, ing Wisma Seni TBS, Slasa (18/12).

Pangarsa Komunitas Pagupon, Santoso Hanyono, nelakake opera gurit kaya  Kidung Sekaring Wanodya iki ya lagi sepisanan iki diadani. Adicara iki tumrap Komunitas Pagupon ngandhut wredi kanggo ngleluri lan ndayakake seni geguritan ngiras pantes nyengkuyung kridhaning wanita sing saiki sansaya ora kalawah kalawan priya.

Advertisement
Advertisement
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif