Jagad-jawa
Kamis, 13 Desember 2012 - 11:56 WIB

KRIDHA: Suguhan Anyar Kethoprak Langen Mandra

Redaksi Solopos.com  /  Tim Solopos  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Ing wengi pungkasan Festival Seni Pertunjukan Tradisional Indonesia 2012, Slasa (27/11), seniman saka Kutha Jogja mbabar kethoprak sanggit anyar sing nyawijekake kethoprak, Langen Mandra Wanara lan Langendriyan. Sutradara Bondan Nusantara nelakake babaran ketoprak sanggit anyar kanthi lakon Nagih Janji  kuwi bisa disebut Kethoprak Langen Mandra.

Langendriyan mujudake seni tradhisional Jawa apunjer ing Pura Mangkunegaran. Langendriyan sepisanan dibabar udakara abad XVII. Langendriyan iki mirip opera ing Eropa. Saiki kapetung arang-arang banget dibabar ing Pura Mangkunegaran, apamaneh ing sanjabane pura. Ana sing nyebut Langendriyan kuwi “opera Jawa”.

Advertisement

Kagunan sing nyawijekake beksan, drama, swara lan tembang iki pancen kapetung rumit. Ora saben wong bisa maragani, kudu gladhen temen-temen.  Langendriyan nyawijekake seni beksan, drama, swara lan narasi. Umume mbabar lakon asumber Ramayana lan Mahabharatan. Yen dipindeng sakeplasan Langendriyan mirip wayang wong.

Nanging, ing Langendriyan, mbeksa, nembang lan narasi dilakoni bareng. Ing Langendriyan bisa wae sawijining pambeksa uga kudu nglakoni monolog utawa sawetara pambeksa padha caturan lumantar tembang macapat. Ora akeh wong sing bisa maragani Langendriyan iki.

Advertisement

Nanging, ing Langendriyan, mbeksa, nembang lan narasi dilakoni bareng. Ing Langendriyan bisa wae sawijining pambeksa uga kudu nglakoni monolog utawa sawetara pambeksa padha caturan lumantar tembang macapat. Ora akeh wong sing bisa maragani Langendriyan iki.

Langen Mandra Wanara sawijining seni drama-beksan Jawa sing adhedhasar beksan klasik gagrag Ngayogyakarta. Drama-beksan iki nggambarake solah bawane kethek-kethek (wanara-wanara) minangka panglipur. Langen Mandra Wanara, miturut Bondan, ora liya cakepan anyar saka Langendriyan sing asumber Serat Damarwulan.

Langen Mandra Wanara dibabar ing wujud beksan kanthi patrap jengkeng utawa ndhodhok sinartan dialog ing wujud tembang macapat. Lakon ing Langen Mandra Wanara asumber crita Ramayana, kayata Subali Lena, Senggana Dhuta, Rahwana Gugur lan sapiturute.

Advertisement

Dene kethoprak kapetung seni tradhisi kang isih dikenal dening bebrayan agung Jawa. Kethoprak sepisanan dibabar ing Solo, taun 1920. Jaman jayane kethoprak ing taun 1950-an, ing tlatah Ngayogyakarta.  Kawitane kethoprak kuwi seni panglipur rakyat sing karipta ing njaban keraton. Kawusanane wong-wong njero keraton uga ketarik marang kethoprak.

Seni drama Jawa sing dibabar ing basa Jawa iki mirip teater sing kebak dialog ing antarane para paraga. Kethoprak kuwawa nggawa pamindenge ngrasakake swasana jagad Jawa jaman krajan. Crita sing dibabar kethoprak maneka warna, ana crita jaman krajan, crita legenda, crita asal-usule sawijining panggonan lan sapiturute. In kethoprak ana sing sinebut lakon pakem lan ana lakon carangan.

Lakon sing dibabar bisa dijupuk utawa dipethik saka ngendi wae. Lakone bisa adhedhasar sejarah tanah Jawa engga crita-crita rekan. Kethoprak uga tansah dibabar sinartan tembang-tembang Jawa sing dibabar ing antarane jejer siji lan sijine. Musik pangiringe gamelan. Sandhangan para paragane dijumbuhake lakon sing dibabar.

Advertisement

Kawitane kethoprak kairingan musik saka swara lesung lan alu. Lesung lan alu ngasilake swara “prak-prak-prak” sing banjur nuwuhake tembung “kethoprak”. Sabanjure kethoprak kairingan gamelan lan keprak. Racikan musik gamelan lan keprak iki dadi ciri mligi seni kethoprak sing nganti saiki isih lestari.

Ing dina Slasa wengi minggu pungkasan November kapungkur kuwi, para seniman saka Kutha Jogja sing dipandhegani Bondan Nusantara mbabar kethoprak sanggit anyar, nyawijekake kethoprak, Langendriyan lan Langen Mandra Wanara. Ketoprak Langen Mandra kuwi diparagani para nom-noman.

Saliyane nyawijekake telung seni tradhisi, kethoprak Nagih Janji iki uga nuduhake nyawijine seni tradhisi apunjer Keraton Kasultanan Ngayogyakarta lan Pura Mangkunegaran. Seni tradhisi saka Keraton Ngayogyakarta kawujud ing Langen Mandra Wanara lan cakepan musik gamelan pengiringe.

Advertisement

Dene seni tradhisi  apunjer Pura Mangkunegaran Mangkunegaran katin saka Langendriyan lan tetembangane. ”Iki pentas ning Solo, mula Langendriyan kang nyuguhake tetembangan lan gamelan kang alus sengaja didadekake perangan balungan Kethoprak Langen Mandra iki,” piterange Bondan.

Kethoprak kanthi lakon Nagih Janji iki ora mung nuduhake sanggit anyar saka nyawijine kethoprak, Langendriyan lan Langen Mandra Wanara, nanging uga jalaran para paragane uga didhapuk dadi niaya. Ing panggung sing mapan ing Pendhapa Ageng TBS kuwi, para seniman saka Kutha Jogja kuwi kasil mbabar jejer-jejer sing merak ati.

Saben ganti jejer, ana saperangan paraga sing banjur mlayu tumuju ricikan gamelan. Kabeh paraga ing kethoprak kuwi kudu dadi paraga ing lakon kethoprak sing dibabar lan dadi niyaga sing kudu nabuh ricikan gamelan.

Jalaran kethoprak sing dibabar iki balungane saka Langendriyan lan Langen Mandra Wanara, mula para paragane uga ora kakehan dialog. Ing jejer dhagelan, paragane ora ngumbar pisuhan utawa eyel-eyelan, nanging mung cukup nuduhake owah-owahan ing praupan lan obah mosiking awak. Tetembungan utawa ukara mung saprelune.

Advertisement
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif