Sungkeman Nglebur Dosa

2308bakdan

Riyaya Idul Fitri ditegesi dina kang suci. Maknane yaiku bali marang kahanan kang suci lan resik saka dosa, kaya bayi sing lagi lair. Sarana bali suci ing ngarsane Gusti Kang Maha Kuwasa yaiku kanthi laku pasa lan jakat. Dene suci ing ngarepe masarakat wujude apura-ingapura. Kaluputan kang wus dilakoni setaun kepungkur padha-padha diapura lan antuk pangapura.

Miturut dhalang lan dhosen Sastra Dhaerah Fakultas Sastra dan Seni Rupa (FSSR) UNS, Imam Sutardjo, dina 1 Sawal antuk kawigaten kang gedhe dening masarakat Indonesia. ana yutanan wong padha mulih saka papan panggaweyane tumuju ing tlatah asale. Kahanan kuwi disebut tradhisi mudik sing wus dilakoni suwe. Mula, ing dina kuwi, kabeh pehak, kaya pamarentah pusat utawa dhaerah, kantor-kantor swasta, padha tutup. Kajaba papan panggonan kang ora bisa ditutup amarga dibutuhake dening masarakat, kaya ndhokteran lan kantor pulisi.

Mulih adoh-adoh, saka Jakarta bali ing Jawa Tengah. Saka Sumatra, Kalimantan, Sulawesi lan Papua padha bali ing omahe utawa wongtuwane saprelu silaturahmi lan nindakake apura-ingapura kanthi tatacara salaman lan sungkeman. Sanadyan akeh pacoban, kaya angel golek sarana kendharaan kanggo transportasi, utawa kendharaan sing jejel riyel ing dalan, kena bebaya cilaka, kabeh ditelukake dening rasa kangen lan seneng bakal ketemu kulawarga lan bapa-biyunge.

Sanadyan saiki jaman wus maju, ana telpun utawa teknologi canggih liyane, nanging ora marem yen durung adu arep karo bapa-biyunge. “Tumrap wong Jawa, ora diarani ketemu yen durung ketemu sowan,” kandhane piyambake, Selasa (21/8).

Ora marem lan mantep, amarga rumangsa akeh luput lan salah karo wongtuwane. Saliyane kuwi, uga dadi salah sijine tradhisi mudik lan sungkem. “Anak ngirim dhuwit akeh nanging ora bisa bali, ora bisa ngganti senenge wongtuwa nalika anake bali, sanadyan ora nggawa apa-apa,” ujare. Mula, mudik sing kebak pacoban kayata macet lan toh cilaka bakal dilakoni.

Dina riyaya mujudake laku tradhisi silaturahmi, apura-ingapura kang wus kuwat lan ngoyot ing masarakat. Wus dadi tradhisi, sing enom marani sing tuwa banjur ngabekti, salaman lan sungkem tandha kurmate marang sesepuh. Para kiai uga dadi jujugane masarakat kang kepengin silaturahmi lan apura-ingapura. Kuwi amarga para kiai dadi pemimpin agama kang disepuhake. Mula, saben riyaya, akeh masarakat sing nyewa truk kanggo bareng-bareng silaturahmi marang kiai.

“Ana cacah lima sing disilaturahmeni, yaiku Gusti Kang Maha Kuwasa, wongtuwa, mertuwa, sedulur tuwa lan dwija. Dwija iki bisa dwija sekolah utawa kiai sing mulang ngaji lan agama,” piterange.

Wongtuwa, simbah, simbah buyut, kiai dadi sumbering urip. Tanpa wongtuwa, ora bakal ana awake dhewe. Dene kiai duwe kaluwihan moral lan bisa disuwunake donga pangestu sarta barokah ing urip. Sing enom padha mlaku ndhodhok sungkem, ngambung dhengkul lan ikrar nyuwun pangapura. Ing kahanan kasebut, tuwuh rasa trenyuh lan tumetes luh ing pipine jalaran kebake rasa tresna, kangen lan urmat marang wongtuwa.

Tradhisi liyane sing bisa nambah gayeng yaiku para bocah cilik kang nampa paringan dhuwit kang jenenge dhuwit pitrah. Sanadyan dhuwite gur sethithik, nanging dhuwite anyar gres, dadine para bocah seneng banget entuk dhuwit anyar. Sabubare riyaya, umume para bocah bisa nglumpukake dhuwit akeh, nganti atusan ewu rupiah. Dhuwit kuwi sabanjure kanggo mipik barang kang dikaremi.

Editor: | dalam: Jagad Jawa |
Iklan Cespleng
Menarik Juga »