Jagad-jawa
Kamis, 16 Agustus 2012 - 08:43 WIB

Mardikakaken Panandhanging Sedherek

Redaksi Solopos.com  /  Is Ariyanto  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - Iqbal Wahyu Purwito, Pengurus Paguyuban Metri Budaya Jawi Melathi Surakarta

Iqbal Wahyu Purwito, Pengurus Paguyuban Metri Budaya Jawi Melathi Surakarta

Boten karaos sampun ngancik 67 taun Republik Indonesia (RI) uwal saking panjajahing nagari sanes. Kados ing padatan, saben surya kaping 17 Agustus masarakat Indonesia mengeti Proklamasi Kemerdekaan RI kanthi kebaking raos suka syukur mring Gusti Allah. Dene minangka tema nasional ingkang dados punjering kawigatosan ing pengetan kamardikan 2012 punika babagan pangajab dhumateng kula lan panjenengan sadaya supados makarya kanthi tumemen murih hanggayuh kemajengan sarta ngindhakaken rataning asil pembangunan tumuju keadilan sosial ingkang saged ngukup sadaya lapisan masarakat. Temtunipun pangajab ingkang dados tema kalawau manawi dipunresepi kanthi saestu ngemot werdi ingkang luhur, awit gegayutan kalawan kawontenan ing masarakat ingkang saperangan taksih dereng saged uwal saking pepanthan garis kemiskinan. Kados sampun kawuningan, nalika wulan Maret 2012 kepengker cacahipun warga ing wewengkon Provinsi Jawa Tengah ingkang taksih kalebet ing sangandhaping garis kemiskinan ngantos dumugi 4,977 yuta warga utawi watawis 15,34 persen. Kawontenan punika taksih langkung sae tinimbang taun kepengker, ingkang cacahipun dumugi 5,107 yuta warga utawi watawis 15,76 persen. Awit saking punika, temtunipun pangajab ingkang dipunangkat minangka tema nasional kalawau mugi sageda damel tambahing semangat hambangun karya kanthi lelandhesan semangat Proklamasi 17 Agustus 1945.

Advertisement

Kaleres pengetan kamardikan RI (ingkang ugi asring sinebat pitulasan) ing taun punika caket sanget kaliyan riyaya Idul Fitri utawi Lebaran. Sanajan Idul Fitri yektinipun minangka dinten riyayanipun umat Islam, nanging kadosipun sampun nyawiji ing masarakat, malah kepara dados padatan ing saben taun lan masarakat mastani kanthi sesebatan bakdan. Caketipun lebaran kaliyan pitulasan punika pranyata nuwuhaken greget pitulasan karaos kados kirang makantar tinimbang bakdan. Manawi kula lan panjenengan boten selak, ing kasunyatan kathah masarakat ingkang langkung munjeraken kawigatosan tumrap kaperluwan bakdan tinimbang pitulasan. Greget masarakat anggenipun mengeti pitulasan raosipun kados “kawon” kaliyan greget anggenipun nyekapi kabetahan mangayubagya bakdan. Sumangga dipunpirsani wiwit pasar, toko, mal lan sapiturutipun, sansaya caket badhe lebaran sansaya kebak warga ingkang sami njujug pados sawernaning sandhangan lan panganan. Makaten ugi spanduk, baliho, ngantos dumugi SMS sarta maneka seseratan lumantar jagad internet kados dene Facebook, Twitter lan sapiturutipun, ketingal langkung mratah ing babagan seratan “minal aidin wal faizin” utawi tema lebaran tinimbang seseratan ingkang sipatipun heroik magepokan kaliyan pitulasan.

Mrangguli kasunyatan punika kalawau, punapa ateges semangat proklamasi luntur? Temtu kemawon boten lajeng makaten. Kawontenan kados makaten jalaran dhumawahing pitulasan lan dinten Idul Fitri kaleres caket sanget. Kajawi punika, semangat proklamasi lan nasionalisme boten namung kadulu saking babagan ingkang sipatipun heroik kemawon, nanging kedah saged dipunejawanthahaken kanthi pamawas langkung wiyar ing paberayan ageng minangka lelandhesan hambangun nagari salebeting ngisi kamardikan. Kalebet kawontenan sapunika, semangat proklamasi malah kepara langkung gampil rumasuk ing atmosfer lebaran lumantar tema ingkang dados pengetan kamardikan 2012. Wujudipun, ing tema kang nyebataken “ngindhakaken ratanipun asil-asil pembangunan” saged dipunmaknani minangka semangat ngenthengaken panandhang lan sangganipun para sedherek ingkang taksih kabilut ing sangandhaping garis kemiskinan. Liripun, para warga ingkang sampun ngraosaken asiling pembangunan kanthi kasembadan kabetahan gesangipun, mugi sami kersa paring kawigatosan, welas asih, sarta boten owel andum kabingahan lan rejeki. Dene wujudipun saged langsung dhateng para sedherek ing kanan–kerengipun ingkang betah pitulungan, utawi lumantar lembaga-lembaga sosial ingkang sampun madeg minangka sarana kagem sinten kemawon ingkang badhe sabiyantu mring sesami, kados dene Lazis, Bazis, Solo Peduli, lan sapanunggalipun. Ing pangajab, para sedherek kang kalebet golongan marginal kalawau lajeng saged ngincipi bingahing raos bakdan kanthi lega lan mardikaning panggalih ing nagari ingkang sampun 67 taun mardika punika.

Advertisement
Advertisement
Advertisement
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif