Jagad-jawa
Kamis, 12 Juli 2012 - 08:39 WIB

Nunggu Sepur Senja Bengawan

Redaksi Solopos.com  /  Is Ariyanto  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Deni…,Deni…. Ya jeneng kuwi sing ngebaki atiku esuk iki. Sanajan bagaskara sumunar ana ing brang wetan wus njalari kulit semlenget, nanging aku isih sabar lungguh ana peron kene. Nunggu kanthi rasa ati tetep kebak rasa. Sing mesthi luwih akeh rasa bungah tinimbang rasa liyane jroning atiku. Setasiun Jebres ora tau sepi. Sansaya awan setasiun ketambahan akeh calon penumpange. Wong lajon kang mangkat mergawe ana Ngayogjakarta jebul isih tetep akeh, ora beda limang taun kepungkur.

Mbiyen sepur Prambanan Ekspres kang asring diarani Prameks nate mbungkus crita endah. Sanajan mung seminggu sepisan mesthi wae aku dadi pelajon. Jemuwah sore mulih Solo, Minggu sore wis bali maneh ana kosan, kerepku ben senen esuk wus bisa ngijabahi ngawruh ana pawiyatan luhur. Mulane kancaku akeh sing omong menawa aku iki isih mbok-mboken. Ora bisa pisah saka ibune.

Advertisement

“Malem Minggu, kepenak pacaran kok malah mulih.”

“Pacarane karo simboke!”

Aku mung mesem, mangkono iku uninane kanca-kanca mesthi saben Setu esuk utawa Jemwuah. Sakperangan kancaku nyawang malem Minggu iku wengi kang endah, bisa sih katresnan marang sir-sirane.

Advertisement

Kanca-kancaku uga ra ngreti saktemene mulihku nganggo Prameks iku ana sebab liyane. Bisa-bisaku wae, wong digawani montor, pendhak dina numpak montor, lha kok mulih menyang Solo kurang luwih mung sejam wae kok milih nyepur. Salah sijine wanadya kang wis prenah nggawe atiku ser-seran, ketemu ana setasiun Lempuyangan. Lungguh jejer ana peron kaya nunggu sepur, nanging ora ngreti menawa sepur sing ditunggu jebul padha, sepur Prameks kang kaaran randha amarga wernane ungu.

“Deni.”

Mengkana wangsulan cekak pambuka sakwise tak tetegne atiku nakoni asmane. Aku radha mak plenggong, mosok asmane kok kaya asmane lanang.

Advertisement

“Sinten, Mbak?”

Wanodya iku noleh, nyawang aku. Sepisane radha mencereng, nanging terus mesem, nanging amung sithik.

“Deni Ayu.”

Aku manthuk-manthuk, rumangsa enthuk angin. Seranong, mosok asmane kok kaya asmane lanang. sakbanjue malah gawe aku isin, jebul tangane isih nyekel bukune sakwise tanganku arep ngejak salaman. Dheweke ora ngelungke tangane lan ora genti nakoni babagan jeneng marang aku. Raiku kaya cedhak mawa, dadi semlenget. Tujune sakiwa-tengenku padha ora nggatekake, padha repot karo hape.

Jenenge wae jodho, jebul Deni Ayu iku omahe jejer daleme Bulik Istiqomah, malah tunggal sakpekarangan pisan. Deni Ayu kaget pas dina Minggu esuk lagi nyapu, aku nyepedha ngeterke titipan ibu kanggo bulik. Wiwit dina Minggu, pasemone kang sakdurunge judes dadi luluh. Eseme kang manis asring njedhul, malah sakjroning turu wae njedhul barang.

Mulane saben ketemu ana kampus utawa sakdengah papan dadi akrab. Mula asring janjian mulih bareng, nyepur. Sepur iku unine Deni Ayu angkutan paling romantis, bisa kanggo ngresiki panyawang, bisa kanggo ngilangke pikiran kang njundhet. Sepur pancen beda, aku luwih seneng nyepur mangkat-mulih Jogja. Apa maneh mesthi janjen mbi Deni.

Iku wus limang taun kepungkur. Sakwise lulus lan ditampa ing Departemen Kehutanan aku blas ora tau ketemu Deni. Apa maneh aku ditugaske ing Kalimantan lan keprungu menawa Deni sakwise lulus kerja ana Jakarta. Bulik Istiqomah uga asring crita menawa nganti seprene dheweke durung duwe sisihan, malah pendhak mulih nakoke kabarku.

Apa-apa menawa jodho iku mesthi gampang wae. Wingi sore dolan ana daleme Bulik kok ana kabar menawa Deni arep mulih. Sakdurunge ora precaya menawa nganggo sepur Senja Bengawan.

“Sanajan sepur ekonomi, nanging saiki wus resik. Ora kaya mbiyen maneh.”

“Lha Deni sampun sukses ta, mosok sepur ekonomi?”

“Deni iku wanodya kang beda. Liyane ayu, prigel, setiti, seneng andhap asor. Wah cocog pokoke nek dadi mantune Mbakyu.”

Aku mung mesem ngrungokake pangaleme Bulik.

Bapak kalawan Ibu rada kaget kok bar subuh aku wus nembung kunci mobil. Padatan lunga ngonthel utawa nyepedha montor kok nyilih mobil barang. Ibu mung kaget daksauri menawa metuk kanca ing setasiun.

“Kanca apa kanca?”

“Halah Sibu ki, kaya ra tau enom.”

Dari arah barat di jalur tiga akan berhenti kereta api Senja Bengawan dari Jakarta tujuan akhir Stasiun Jebres.” Swara saka horen manehi cecala.

Atiku sansaya kemepyar, sedhela maneh Deni mesthi kaget ketemu aku ing setasiun. Wus telung taun ora ketemu, mesthi wae pasunare samsaya ayu. Apa maneh saiki wus duwe kasil dhewe, dadi manajer ana sakjroning perusahaan distribusi salah sawijining kosmetik.

Dumadakan semboyan 35 keprungu tekan peron. Loko sepur Senja Bengawan alon nyedhak setasiun. Atiku sansaya bungah. Siji mbaka siji wong mudhun saka sepur. Aku ngemati tanpa kedhep. Iku Deni, nganggo kerudhung ijo nggawa tas cangkleng. Aku mlayu arep luwih nyedhak, nanging terus mandheg. Deni ora dhewe, ana pawongan lanang jebul ngetutke lan nggawakake tas gedhe. Bisa wae kanca mlaku, pikirku. Bener, pawongan iku nyelehke tas banjur mlaku nuju kolah.

Aku mlaku nyedhak, kurang luwih rong meter Deni katon kaget.

“Mas Rizal!”

“Iya, Dhik, Iki mau ngeterke kanca tindhak Jogja.”

Aku goroh babagan iku. Terus njupuk tas gedhe ana ngarepe.

“Sekedhap nggih, Mas.”

“Lha nunggu sapa maneh?”

Let sedhela pawongan lanang mau teka.

“Niki, Mas, tepungke mbi calon kula.”

Aku nratap, kaya wae setasiun ana lindhu. Panyawangku lamur, ngadegku kaya kurang jejeg.

“Wonten napa, Mas?”

“O…..ora, Dhik, ayo sisan wae nunut mobil.”

Deni karo pawongan lanang kang ditepungke calone iku ngetutke aku. Mlakuku kaya ora ngambah lemah. Atiku kemliyer. Ana mburi, gegojegan Deni karo calone nganggo bahasa Indonesia sansaya nambahi atiku miris. Jebul jodho iku dudu amarga rasa kang dipendhem, nanging kudu diomongke. Aku rada gela.

Omah gedhek 2012

Advertisement
Kata Kunci : Bengawan Nunggu Senja Sepur
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif