Ruwahan, Ngelingi Arwah

TRADHISI NYADRAN TENONGAN - Warga nyunggi tenong kanggo tradhisi Nyadran ing sareyan Puroloyo, Tunggulsari, Sukabumi, Cepogo, Boyolali, sawetara wektu kepungkur. (FOTO: Burhan Aris Nugraha/JIBI/SOLOPOS)TRADHISI NYADRAN TENONGAN - Warga nyunggi tenong kanggo tradhisi Nyadran ing sareyan Puroloyo, Tunggulsari, Sukabumi, Cepogo, Boyolali, sawetara wektu kepungkur. (FOTO: Burhan Aris Nugraha/JIBI/SOLOPOS)

Salah sijine budaya masarakat Jawa kang dilakoni sakdurunge Sasi Pasa yaiku ruwahan. Jeneng ruwahan dipracaya saka jeneng Sasi Ruwah. Isih ana masarakat Jawa Islam kang padha mengeti Sasi Ruwah kanthi cara jiyarah ing kuburan wongtuwa utawa leluhur. Adat ruwahan pancen dudu saka agama Islam, mula ora sethitik wong Islam kang ora mengeti ruwahan.

Mithurut dhosen Jurusan Sastra Daerah Fakultas Sastra Seni Rupa (FSSR) UNS, Suprapto, ruwahan nalika ditilik asal usule, pancen dudu asli saka budaya Jawa. Ruwahan nalika agama Hindhu isih kuwasa ing Jawa diarani upacara srada. Banjur ing ilat Jawa jenenge dadi nyadran. Upacara nyadran kuwi yaiku jiyarah ing kuburane leluhur kang diprecaya dadi cikal bakale panguripan ing tlatah sakiwa-tengene.

Nalika srada utawa nyadran, masarakat padha nggawa ubarampe kaya kembang-kembangan, panganan kaya apem, opak ketan, uga menyan lan banyu ing kuburan. Banjur pada nyuwun katentreman lan karaharjan marang leluhure ing tlatah kasebut. “Banjur Islam teka ing Jawa. Budaya sing wus lestari ora diilangake, nanging dileboni unsur Islam. Wadahe isih nyadran, nanging isine diganti nganggo donga-donga Islam,” ujare Suprapto ing Kampus FSSR UNS, Salasa (26/6) awan.

Ruwah uga dipracaya kanthi othak-athik gathuk saka tembung arwah. Mula, ruwah uga bisa dadi wektu kanggo ngirim donga marang wong sing wus mati. Ora ana tanggal pira ing sasi Ruwah kang ditemtokake kanggo ruwahan. Nanging miturut tradhisi Hindhu, srada utawa nyadran umume dilakoni ing tanggal 15 utawa pas wulan purnama. Mula ana ing salah sijine dhaerah srada disebut limolasan.

Tradhisi ruwahan dipracaya minangka tinggalane tradhisi Hindhu. Agama Hindhu wus ngalami dadi agama mayoritas ing Jawa, sakdurunge Islam teka ing Jawa. Saengga ruwahan bisa diarani akulturasi budaya agama kang duwe piguna marang kearifan lokal. Ruwahan ing kuburan uga bisa dadi pengeling-eling yaiku piwulang ngenani urip kang ora suwe, bebasan kaya mung mampir ngombe. Surut kuwi pepesthen kang mesthi nekani marang wong kang urip ing donya. Mula nalika mlebu ing Sasi Pasa kudu temenan oleheh ngibadah marang Gusti.

Nanging ing jaman saiki pancen wus ora akeh wong kang mengeti Sasi Ruwah nganggo upacara ruwahan. Masarakat ing Sasi Ruwah mung nglakoni jiyarah, donga lan resik-resik kuburan leluhure tanpa nggawa ubarampe. “Ana sing ndonga kanggo leluhur, nanging ora selak yen uga ana wong kang isih ndonga nyuwun kaliyan leluhur,” kandhane Suprapto. Kabeh kuwi gumantung kaprecayan pribadi, ora bisa didelok mripat.

Nalika ana adicara wisata jiyarah ing kuburan-kuburan wali, ora selak ana kang isih sithik utawa akeh kang nyenyuwun marang wali kasebut. Ing Islam, nyuwun pangapura, karaharjan lan katentreman ora liya mung marang Gusti Allah. Mula, ana wong Islam kang ora ngelakoni wisata jiyarah utawa ruwahan ing kuburane leluhure. Dheweke duwe kapercayan jiyarah bisa dilakoni saben dina ora mesthi ing Sasi Ruwah, donga marang leluhur uga ora mung ing kuburan. Bisa ing papan ngendi wae.

Tradhisi ruwahan uga ora mesthi digelar ing kuburan. Nalika kuburan leluhur adoh, mula ruwahan digelar ing omah. Saiki akeh wong desa kang lunga ing kutha saengga adoh marang kuburane wongtuwane utawa leluhure. Ruwahan kang digelar ing omah uga kanthi nggawa ubarampe kaya sega, panganan, cucur, apem. Kajaba ubarampe uga digelar pengajian.

Editor: | dalam: Jagad Jawa |
Menarik Juga »