Jagad-jawa
Kamis, 31 Mei 2012 - 09:03 WIB

Tari Kaos Nuwuhake Angulir Budine Bocah

Redaksi Solopos.com  /  Is Ariyanto  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - Tari Kaos (Espos/Agoes Rudianto)

Tari Kaos
(Espos/Agoes Rudianto)

Bocah-bocah pada nari kaos ing Plasa Taman Sriwedari, Minggu (27/5) esuk. Adicara lomba nari kaos kuwi dibabar nalika gelaran Solo Car Free Day (CFD). Para bocah katon seneng nari kaos.

Advertisement

Miturut penggagas tari kaos, Mugiyono Kasido, nari iku ora kudu cucul dhuwit gedhe lan butuhake dana akeh. “Cukup nganggo kaos, bisa nari. Kaos kuwi barang kang kabeh wong duwe, mula tari kaos kanggo bocah-bocah SD iki bisa mancing daya angulir budine bocah,” ujare.

Lomba tari kaos iku, kandhane Mugiyono, dadi siji karo adicara workshop tari kaos kang wus dibabar wiwit Sasi Februari kapungkur. “Ora ngira, jebul bocah-bocah bisa kreatif. Carane nari apik-apik lan anyar, amarga aku dhewe ya ora nemtokake gerakan sing kudu dilombakake. Kabeh kuwi supaya pasarta bisa bebas berekspresi,” tandhese.

Ing lomba kuwi, ana 30-an bocah sing melu nari. Bocah-bocah iku asale saka wolung pepanthan utawa sanggar tari kang sumebar ing Soloraya. “Wiwit Frebuari wus workshop ing sekolah-sekolah, Lapas, panti asuhan lan liya-liyane. Muga-muga taun ngarep bisa luwih akeh, utawa bisa digelar ing kutha liyane,” pratelane.

Advertisement

Piyambake duwe pesen, bocah saiki kajaba sinau seni tari tradhisi, luwih becik maneh uga sinau tari modheren utawa kontemporer. Alesane, supaya bocah ora kaya dikunjara lan krasa ana wates kang bisa matesi angulir budi. Anane seni tradhisi uga kudu disinau amarga kuwi dadi oyot ing budaya.

“Para bocah uga ora angel anggone nari kaos kasebut. Aku duwe niyat, sinau nari kaos utawa nari liyane kudu kanthi swasana dolanan. Mula bocah bisa betah anggone sinau, ora gampang bosen. Iki dadi tantangan para seniman supaya seni kuwi bisa disenengi bocah,” kandhane. Nalika bocah ora seneng seni tradisi, kudune para wongtuwa kudu introspeksi dhiri lan gawe piye carane supaya bocah dadi seneng. 

Advertisement
Advertisement
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif