Jagad-jawa
Kamis, 31 Mei 2012 - 08:21 WIB

PURWAKA: Mbalela

Redaksi Solopos.com  /  Is Ariyanto  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - Mas Demang Edy Sulistiono SSn Dwija ing ASGA Surakarta (FOTO/Dok)

Mas Demang Edy Sulistiono SSn
Dwija ing ASGA Surakarta
(FOTO/Dok)

Kraman jroning basa Jawa madya, ditegesi paraga kang mbalela marang ratu, banjur nata kekuwatan ngrebut pangwasaning ratu kang isih jumeneng. Dumadining kraman dilandhesi tujuwan saka sawijining paraga bisoa nglengser pangwa lan banjur jumemeng ratu, gawe tatanan anyar, lan trah kulawangsa anyar. Nanging yen kraman iku gagal kang uwis nampa paukuman abot saka ratu, cilik-cilike diukum buwang, gedhene dipidana pati sabalane. Miturut Buku, Babat Tanah Jawa, jaman rumuhun kerep dumadi kraman ing kraton Jawa. Rikala jumenenge Susuhunan Amangkurat I, Tahun 1676, nate dikraman, dening trahing Tumenggung Cakraningrat, ing Madura, aran Trunajaya. Trunajaya kabiyantu para prajurit Bugis, kang pinandegan, Kraeng Galengsong, sawadyabalane, klakon brontak ngrebut pangwasaning Susuhunan Amangkurat I, ing Kedhaton Pleret Mataram, satemah nata putraning Sultan Agung Hanyakrakusuma iku kendhang keplayu ngungsi, lan seda ing Kabupaten Tegal. Saprene sang nata katelah Sunan Amangkurat Tegal Arum. Sabedhahing Kadhaton Pleret Trunajaya jumeneng Panembahan ing Kediri Jawa wetan, ananging rikala Tanggal 26 Desember 1679, Pangeran saka Madura iku klakon dipikut Kapten Jonker bodyguars, komandan VOC, dipasrahake marang Pangeran Bupati Anom kang wus jumeneng Susuhunan Amangkurat II. Pungkasane Trunajaya diukum kisas.

Advertisement

Ontran-ontran kraman uga nate dumadi ing Kraton Jawa Kartasura, rikala jumenenging PB II; kabrontak dening sentana kaprenah kadang nak sanak, padha-padha wayahing Susuhunan Amangkurat Jawi, kang aran Pangeran Garendi kang sinengkuyung Bangsa Cina playon saka Betawi. Sang pangeran kang sawise jumeneng sinebut Sunan Kuning, iku mau, klakon, bisa njebol beteng Kartasura kang sepuluh meter dhuwure. Sabanjure, Mas Garendi jumeneng nata, ing Kartasura, nanging ora suwe, pangwasane, klakon direbut bali dening PB II, sarana nyraya Kompeni Walanda.

Nyemak, lakuning sujarah ing Babad Tanah Jawa, kraman bisa dumadi saka manekawarna sabab, ing antarane sang nata kang nyekel panguwasa dianggep dening para sentana, lan kerabate, kurang wicaksana, sahengga dumadi rasa ora tentrem ing kalanganing, sentana lan para kawula.  Bisa uga paraga kraman nekad mbalela sebab rumangsa lara ati, digawe rugi utawa katindes dening panguwasa. Kraman, nuwuhake peperangan kang banget nggegirisi, ngiwakake, raket supeketing paseduluran. Tumrap kawula alit peperangan ateges dumadining kasangsaran kang abot. Nitik sujarah Jawa, mbuktekake, kraman dumadi antaraning padha sedulur tunggal kang andarahake; malah kapara ana antarane pangeran bupati anom marang bapake.  Kanggo menangake peperangan jroning dumadi kraman, uga migunaake maneka warna cara, kalebu, kaculikan, kalicikan, apuskrama, malah ana kang njaluk pitulunganing penjajah Walanda, ninggal jiwa kasatriyan, lan budi pakerti luhur.

Apa wae landhesane, paraga kraman duwe pepinginan jumeneng ratu, lan kang dirabasa, mbudidaya, kepengin nglanggengake pangwasane, minangka jejering ratu. Jumeneng ratu dadi tujuwaning kraman sabab, ratu iku pucaking, kawibawan, kaluhuran, lan kasugihan. Anut pepali wewangsoning leluhur Jawa; ratu iku dudu kalungguhan lumrah, ananging dumadi awit saka keparenging kodrat. Ratu iku pancering jagat pikukuhing Bumi, mula diarani Cakrawati, tegese sang pranata jagad.

Advertisement

Advertisement
Advertisement
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif