Jagad-jawa
Kamis, 31 Mei 2012 - 08:41 WIB

Kraman, Ngilangi Katentreman

Redaksi Solopos.com  /  Is Ariyanto  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - KETOPRAK MUDHA -- Komunitas Remaja Gumregah mementaskan sebuah ketoprak berjudul Risang Ranggalawe di Padepokan Gedhong Putih, Plesungan, Gondangrejo, Karanganyar, Selasa (24/8) malam. (FOTO/Dok)

KETOPRAK MUDHA -- Komunitas Remaja Gumregah mementaskan sebuah ketoprak berjudul Risang Ranggalawe di Padepokan Gedhong Putih, Plesungan, Gondangrejo, Karanganyar, Selasa (24/8) malam. (FOTO/Dok)

Kraman utawa perang mbalela ora bisa dipisahake saka jaman karaton ing tanah Jawa. Sipat mbalela marang panguwasa sah, akeh digambarake jroning carita wayang utawa kasunyatan sujarah.

Advertisement

Kraman bisa dumadi saka putra ratu, anggota kulawarga raja, patih, utawa para senapatine ratu. Genahe, kraman wus mesthi ngrugekake karaton, uga kang paling gedhe rugine yaiku rakyat kang kelangan katentreman lan kaselamatan.

Miturut dhosen Sastra Daerah Fakultas Sastra lan Seni Rupa UNS, Iman Sutardjo, ana telung alesan perang mbalela tumrap panguwasa sah. Kaping siji, krincinging ringgit, yaiku amarga bandha donya. Kaping pindho, yaiku kumlebating wentis kuning, yakuwi gegodha karo paras ayu wanita.

Advertisement

Miturut dhosen Sastra Daerah Fakultas Sastra lan Seni Rupa UNS, Iman Sutardjo, ana telung alesan perang mbalela tumrap panguwasa sah. Kaping siji, krincinging ringgit, yaiku amarga bandha donya. Kaping pindho, yaiku kumlebating wentis kuning, yakuwi gegodha karo paras ayu wanita.

“Alesan kaping telu, klepaking iwak ing kedhung. Tegese gegodha karo kakuwasan lan tahta,” ujare Imam nalika ditemoni Espos ing kampus UNS, Senen (29/5).

Ing kasunyatan, ana carita Ken Arok kang dadi panguwasa amarga tega merjaya Tunggul Ametung. Ken Arok uga kesemsem karo bojone Tunggul Ametung, Ken Dedes, banjur dipek bojo. Sapa salah bakal seleh. Banjur kuwi, Ken Arok diperjaya putrane Tunggul Ametung, Anusapati, nganggo keris sing padha nalika dienggo merjaya bapake mbiyen, yaiku keris gaweyane Mpu Gandring. “Carita iki nuduhake abdi dalem kang mbalela marang panguwasa amarga wanita, kakuwasan lan pangkat,” kandhane Imam.

Advertisement

Ratu kang ora temen lan kuwat uga wicaksana, panguwasane bakal terus diwenehi gegodha utawa diincim pangkate dening para patih utawa prajurite dhewe. Mula kuwi, salah sijine kawicaksanane ratu sadurunge seda, yaiku piyambake kudu wus nyepakake penggantine, utawa nuding putra makutha. Putra makutha kuwi kang bakale dadi ratu candhake.

Ratu kang ora duwe putra makutha, ing tembe mburi bakal bisa dadi bibit kraman kulawarga ratu. “Paugerane yaiku putra paling tuwa saka prameswari. Ananging ratu luwih bisa mangerteni sapa kang bakal bisa mbacutake,” ujare.

Ing jagad pewayangan ana conto yakuwi Prabu Pandhu kang dadi ratu Hastina. Prabu Pandhu dudu anak sing paling tuwa, dheweke uga duwe kangmas sing jenenge Drestarastha. Amarga Drestarastha cacat paningale utawa wuta, mula tahta diwenehake marang Pandhu. Kulawarga kang duwe kawicaksanan, ora ndadekake bab iki minangka alesan kraman utawa perang mbalela. Kabeh kuwi amarga duwe tujuwan kang becik.

Advertisement

Kraman Amarga Raja Lalim

Miturut Imam, ratu kang lalim lan saksenenge dhewe marang rakyat uga bisa dadi bibit kraman. Nanging yen mung kawula alit, ora bakal wani nglawan kekancingane ratu. Ratu kang seneng njaluk upeti utawa pajeg ing tlatah sakngisore, uga bisa nukulake sipat ora urmat lan dadi bibit mbalela marang ratu. “Ora disebutake ing buku sujarah, ana prajurit utawa adipati kang usul utawa protes marang ratu kang lalim,” kandhane. Pilihane mung loro, manut utawa kraman. Mula ora kabeh wong kang kraman utawa mbalela mesthi wong kang seneng pangkat lan bandha. Dheweke wus ora urmat lan ora seneng marang ratu kang duwe sipat ala.

Supaya ora ana kraman, ratu kudu kuwat, bisa kuwat ing perang lan pasukan, uga kuwat babagan diplomasi utawa musawarah. Kajaba kuwi, pamarentah uga bisa menehi katentreman lan urip ayem. Kraman saka rakyat utawa wong sekti mung kelakon jalaran nglawan raja kang lalim lan angkara murka.

Advertisement

Kraman kang saka kulawargane raja dhewe, malah bisa ngasorake martabat lan urmate rakyat marang ratune. “Karaton kuwi sumber paugeran, tatakrama lan kabeh sipat-sipat agung lan luhur. Mula ora pantes, gara-gara pangkat, anak siji lan liyane padha padudon, paten-patenan, ngilangake paseduluran. Kuwi wus mesthi ora kena kanggo conto rakyat lan abdi dalem kang wus ngabekti kanthi iklas, sepi ing pamrih marang ratu lan karaton.”

Nalika Walanda njajah bumi Nuswantara, tatacara Landa bisa njajah yaiku kanthi adu domba utawa nyebar pitenah ing kalangan kulawarga ratu. Nalika ana padudon ing kulawargane ratu, Landa banjur mbelani salah sijine lan wus nyedhiyakake gaman. Sak wayah-wayah ana perang, Landa uga melu perang ngewangi salah sijine. Yen kulawarga wus ora rukun, anane mung padudon babagan krincing ringgit lan pangkat, kahanan kuwi bakal dimupangatake Landa kanggo nggebug lan ngrebut kuwasa lan wewengkone karaton.

Advertisement
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif