Jagad-jawa
Kamis, 31 Mei 2012 - 08:34 WIB

Dadi Simbuling Kuwasa nanging Ora Duwe Apa-Apa

Redaksi Solopos.com  /  Is Ariyanto  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - Kresna GUJALI SUTA-Perang antara anak lan wongtuwo salah sijine kagambarake liwat perange Bomanarkasura lan Kresna jroning pegelaran wayang kulit kanthi lakon Gujali Suta. (ki-demang.com)

Ana unen-unen ing tlatah Jawa, sabda pandhita ratu. Tegese apa sing dadi omongane ratu iku tansah ditampa lan ditindakake dening kawulane. Nalika isih nggunakake sistem pamarentahan monarkhi, ukum kuwi yaiku ratu, ukum kuwi apa sing metu saka ilate ratu. Kabeh kekancingane ratu dadi ukum lan kabeh kudu manut. Para kulawarga lan patih mung dadi paranpara, ora bisa ngowah-owah ukum kuwi.

Bomanarakasura

Advertisement

Kresna
GUJALI SUTA-Perang antara anak lan wongtuwo salah sijine kagambarake liwat perange Bomanarkasura lan Kresna jroning pegelaran wayang kulit kanthi lakon Gujali Suta.
(ki-demang.com)

Ing jaman semana, nalika isih ana panguwasa karaton, ora ana undhang-undhang utawa ukum kang ditulis. Yen ana undhang-undhang, ratu wus ora duwe kuwasa babagan ukum. Iki sing jenenge monarkhi. Kabeh prakara ing karaton lan wewengkone diputuskane dening ratu.

Salah sijine yaiku babagan putra makutha. Sapa putra makutha, dadi kekancingane ratu. Ora ana ukum kang mesthi. Miturut salah sijine dhalang ing kutha Solo, Ki Jlitheng Suparman, babagan putra makutha iki bisa ndadekake ontran-ontran kraman utawa perang mbalela. “Bisa wae amarga putra makuthane sapa, ana pirang-pirang pepanthan ing kulawarga ratu, saben pepanthan duwe calon sing beda,” ujare Jlitheng, Selasa (29/5).

Advertisement

Iki ora bisa disingkirake saka sistem monarkhi utawa karaton, amarga ora ana ukum kang ditulis. Nanging ora saben genti ratu mesthi nuwuhake geger. Ayem tentrem kuwi amarga para kulawarga ratu padha wicaksana anggone milih ratu kang patut mimpin nagara. Yaiku ratu kang pinter, adil, sekti lan wicaksana. Yen kabeh padha duwe sipat kasebut, masarakat lan abdi dalem wus mesthi tambah urmat lan isih pracaya manawa karaton isih nuduhake sipat luhur lan paugeran ing karaton isih ngadeg jejeg.

Sewalike, nalika ontran-ontran kuwi marai dadi geger, rakyat sing bakal cilaka lan sengsara. Karaton sing dadi papan golek kamulyan, unggah ungguh kang luhur, bisa ilang kaya wedi melu kintir. Raja kang lenggah saka kasil kraman, kaya dene Baladewa ilang gapite, wus ora duwe kakuwatan lan ora diajeni masarakat. Mung dadi simbul kuwasa, ananging sejatine ora duwe apa-apa.

“Ing carita wewayangan ana kraman utawa perang mbalela kuwi supaya kita masarakat kang isih nguri-uri budaya, bisa ndeleng hikmat lan dhawuh saka carita wayang kuwi,” ujare Jlitheng kang uga dhalang Wayang Kampung Sebelah (WKS) iki.

Advertisement

Kraman kuwi amung nuduhake sipat alane manungsa, kaya nggragas ing bandha lan wanita, gething karo paseduluran, kepingin menang-menange dewe, ora ngaku yen salah lan kalah. 

Advertisement
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif