Jagad-jawa
Kamis, 24 Mei 2012 - 09:46 WIB

Bombong marang Samanhoedi

Redaksi Solopos.com  /  Is Ariyanto  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - Ayu Sulistiyowati (Espos/Ahmad Hartanto)

Ayu Sulistiyowati (Espos/Ahmad Hartanto)

Ing Mburi Balai Samanhoedi, kompleks Kelurahan Sondakan, lanang-wadon, enom-tuwa padha rame tumandhang ing gawe. Salah sijine yaiku Ayu Sulistiyowati, kang uga dadi penanggung jawab Museum Samanhoedi. “Masarakat Solo, mligine masarakat Sondakan, bombong marang museum iki,” ujare.

Advertisement

Piye ora bangga, yen ing tlatah Sondakan, jaman semana tau urip pahlawan nasional kang wus akeh jasane marang bangsa lan negara Indonesia. Ayu kang dadi anggota Kelompok Sadar Pariwisata (Pokdarwis) Sondakan iki uga duwe pangarep-arep, museum kuwi bakal dadi wahana kanggo nyinau laku lan mangerteni kiprahe Samanhoedi, unga bisa nyonto perjuwangane.

“Samanhoedi duwe jasa gedhe. Bisa dadi tuladha tumrap masarakat,” ujare. Ing panemune Ayu, Samanhoedi duwe jasa yaiku nukulake sipat grumegut, semangat lan pracaya dhiri dadi pribumi. Pribumi uga bisa dadi tuwan ing wewengkone dhewe. Ora dadi batur ing tlatahe dhewe.

Sak durunge dipindah ing kompleks Kantor Kelurahan Sondakan, Laweyan, Solo, museum kasebut mapan ing Kelurahan Laweyan, ora adoh karo Mejid Laweyan kang kondhang kaloka. Ing museum iku durung ana barang-barang asli duweke Samanhoedi. Meja-kursi ing museum iku amung tiruwan saka barang asli, uga sawetara piranti bathik. “Samanhoedi pancen ora marisi bandha lan barang, nanging piyambake marisi barang kang aji banget, yaiku grumegut lan pracaya diri dadi pribumi, ora kalah karo Landa,” tandhese. 

Advertisement

Advertisement
Advertisement
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif