Jagad-jawa
Kamis, 10 Mei 2012 - 09:34 WIB

Taman Raja Kanggo Posah-pasihan

Redaksi Solopos.com  /  Is Ariyanto  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - NGEMATAKE KAHANAN--Pasangan mudha-mudhi lagi ngematake kahanan ing Taman Balekambang Solo, sawetara wektu kepungkur. (FOTO/Dok)

NGEMATAKE KAHANAN--Pasangan mudha-mudhi lagi ngematake kahanan ing Taman Balekambang Solo, sawetara wektu kepungkur. (FOTO/Dok)

Taman ora bisa dipisahake saka karaton lan raja. Saben ana karaton, uga mesthi ana taman kang dadi papan panglipur raja. Ing crita pewayangan, para raja uga duwe taman, kaya taman banoncinawi duweke Sembadra, taman maerakaca duweke Srikandi. Ing tanah Jawa, para raja uga duwe taman, kaya Paku Buwono X, raja Karaton Surakarta Hadiningrat uga duwe Taman Sriwedari, ing Karaton Ngayogyakarta uga duwe Taman Sari.

Advertisement

“Taman kuwi replika alam. Ing taman ana petang anasir, yaiku bumi, geni, banyu lan angin,” ngendikane budayawan Mangkunegaran, Edy Sulistyono nalika ditemoni Espos ing Punggawan, Solo, Salasa (8/5) awan.

Ing taman kuwi, raja, praweswari lan garwa dalem padha posah-pasihan. Papan panggonan ing wis digawe sakapik-apike panggonan, ditata kanthi apik lan endah.

Advertisement

Ing taman kuwi, raja, praweswari lan garwa dalem padha posah-pasihan. Papan panggonan ing wis digawe sakapik-apike panggonan, ditata kanthi apik lan endah.

Ing jaman mbiyen, taman dadi tetenger kuwasa karaton marang masarakat. Ora ana masarakat lan para adipati kang bisa duwe taman, sanadyan dadi juragan utawa duwe sakperangan bandha. Amung raja kang duwe taman, rakyat biyasa ora oleh duweni taman. “Taman kuwi wis dadi legitimasi lan hegemoni kakuwasaan raja, taman kuwi elitis. Contone kaya bathik cakrik parang amung kanggo raja lan pangeran,” kandhane Edy.

Taman uga kasebut banjaran sari, tegese sari-sari kembang kang jejer banjar-banjar. Maneka jinis kembang, tanduran, abang, kuning, ijo tumpleg bleg dadi siji ana ing taman. “Mula, taman kuwi pralambang selarasing uripe manungsa kang duwe maneka jinis sipat, urip rukun santosa bebarengan kaya uripe tetanduran lan kembang-kembang kuwi. Uga pralambang Bhinneka Tunggal Ika Tan Hana Dharma Mangrwa,” ngendhikane piyambake.

Advertisement

 

Trisna Tinresnan

 

Advertisement

Ing taman kuwi, ora ana wong lanang sing bisa mlebu, kajaba raja lan putra raja kang durung akil balig. Putra raja kang wus diwasa ora oleh mlebu ing taman, amarga taman wis dadi papan panggonan kang suci. “Raja ora nrima dhayoh ing taman, uga ora mikirake nagara lan karaton ing taman. Taman kuwi kanggo tresna tinresnan raja karo prameswari lan garwa dalem,” pratelane Edy.

Ing jaman saiki, taman uga dadi papan panggonan kanggo tresna tinresnan para masarakat. “Ana benang abang babagan taman jaman dhisik karo taman jaman saiki, yaiku kaendahan lan tresna. Taman kuwi kaendahan, mula bisa nggeret kawigatene masarakat kang padha duwe tresna marang liyane,” ujare.

Saiki, taman wis ora dadi papan wewengkone paguwasa, nanging wis dadi panggonane masarakat. Contone Taman Sriwedari, Taman Tirtonadi bisa ditekani dening masarakat sapa wae.

Advertisement

“Taman wis dadi area publik, ngendi-ngendi padha diwenehi taman. Aku nonton Walikota Solo tresna karo taman. Ora gur taman, ananing tanduran ing pinggir dalan wis dadi ijo,” kandhane.

Sanadyan dadi papan tinresnan, taman jaman saiki durung digunakake dening masarakat kanthi bener. “Ana taman diwenehi panggonan karaoke, ana taman malah kanggo mesum, ana taman wis apik malah diuyuhi. Kabeh iki amarga masarakat durung mangerti dening pigunane taman lan kaendahan taman.”

Advertisement
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif