Jagad-jawa
Kamis, 10 Mei 2012 - 09:40 WIB

Ditata Murih Nyaman

Redaksi Solopos.com  /  Is Ariyanto  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - Yohanes Siyamta Pustakawan UAJY (FOTO/Dok)

Yohanes Siyamta Pustakawan UAJY (FOTO/Dok)

Poerwadarminta jorning Bausastra Jawa ngandharake tembung taman ana werna loro, yaiku kang kapisan ateges pakebonan kang tinanduran kekembangan lan kapindho, tanduran kekembangan.

Advertisement

Saka adharan mau dadi cetha menawa titikaning sawijining taman kudu ana tanduran lan kekembangan. Tanduran utawa tetuwuhan dadi pratandha murih samubrang kang ana ing alam donya iki tansah dijaga murih lestari. Dene kekembangan kang ditandur ing taman mesthi wae samubarang kembang sing sarwa asri lan gandane wangi sarta wujude endah edi. Gathuking panemu, taman dadi sarana murih lestarining tumitah kanthi samubrang kang endah.

Ana uga kang nyebut taman kanthi tetembungan pasren. Dumadi saka tembung asri kang tegese endah, antuk ater-ater ‘pa’ lan panambang ‘an’. Yen diudal dadi ‘pa + asri + an’. Mengku teges sawijining papan kang kebak kaendahan.

Kanthi kahanane kang asri lan endah, taman uga bisa dadi sarana kanggo lelangen (panglipur), ngenggar-enggar penggalih lan nentremake pikir. Tuladha tumrap bab iki kacetha ing pegelaran seni lan kasunyatan ing madyaning masarakat.

Advertisement

Menawa jagad pekeliran lan pagelaran kethoprak bisa kanggo nggambarake kahananing masarakat Jawa ing jaman semana, kacetha menawa taman bisa dadi sarana kanggo lelangen, ngenggar-enggar penggalih lan nemtremake pikir. Awit jroning pagelaran wayang purwa ing jaman semana, kang kelakon sewengi natas lan ing pagelaran kethoprak, ing kono tansah ana jejer taman.

Rembug rame lan sereng ing pasewakan, padudon ing pangurakan lan peperangan ing palagan, sawetara dileremake jroning adegan taman kanthi jumedhule juru taman, biyung emban lan panakawan. Ing kene swasana rame, kenceng lan sereng dadi lerem kanthi gegojegan, lagon lan kidungan. Kanthi mangkono jejer taman nyata bisa dadi sarana nyidhem lan gawe salarasing kahanan.

Ing jaman saiki rikala kahanan donya wis ora karuh-karuwan, kebak, panas, dedreg, seseg lan sumpeg, sarta hawa saben kutha wis reged kanthi anane polusi, taman kutha tetep kudu ana sing saben kutha. Kajaba bisa dadi paru-paruning kutha, uga bisa dadi papan panglipur rikala nandhang dhuhkita sarta nyipta kahanan tata titi tentrem karta raharja.

Advertisement

Andharan sapala lan sarwa prasaja babagan taman iki bakal dakbundheli kanthi jarwan othak-athik-gathuk. Taman yaiku ditata murih nyaman. Nuwun.

Advertisement
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif