Jagad-jawa
Kamis, 10 Mei 2012 - 09:18 WIB

Basa Jawa Nuduhake Watake Bangsa

Redaksi Solopos.com  /  Is Ariyanto  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - MEDHAR ANDHARAN--Sawetara pamicara nalika medhar andharan ing Univet Sukoharjo, Rebo (2/5) awan. (Espos/Ahmad Hartanto)

MEDHAR ANDHARAN--Sawetara pamicara nalika medhar andharan ing Univet Sukoharjo, Rebo (2/5) awan. (Espos/Ahmad Hartanto)

Basa Jawa, mligine krama inggil wis padha ditinggal generasi mudha. Wongtuwa uga uwis akeh sing ora nuduhake basa Jawa ing putra-putrane, lan wis ora dadi padatan ing urip padinane. Wong Jawa malah lumrah nganggo basa Indonesia lan ngoko ing padinane. Wong Jawa padha aras-arasen nganggo basa Jawa krama inggil.

Advertisement

“Basa Jawa krama utawa krama inggil wis arang dinggo, sanadyan kuwi kulawarga Jawa isih ing lingkungan Solo lan Jawa Tengah,” ngendikane guru besar Fakultas Sastra Seni Rupa UNS, Edi Subroto nalika dadi pamicara ing pirembugan kanthi irah-irahan Reaktualisasi Nilai-Nilai Luhur Budaya Jawa Melalui Bahasa Jawa ing Universitas Veteran Bangun Nusantara Sukoharjo, Rebo (2/5) awan.

Miturut Edi, basa Jawa bisa dikembangake lan diwulangake ing kurikulum pendhidhikan dhasar lan menengah. Saiki, basa Jawa mung dadi muatan lokal (mulok), mangkane para murid ora padha temenan anggone sinau basa Jawa. Edi uga ngendika, basa Jawa sajane bisa dadi kurikulum wajib, saengga kabeh stakeholder ing pendhidhikan ora aras-arasen lan temenan olehe mulang basa Jawa.

“Para dwija uga duwe kompetensi tumrap trapsila Jawa lan pener anggone nggunakake jinise basa Jawa, kaya Jawa ngoko alus, krama alus uga krama inggil,” ujare piyambake.

Advertisement

Ditandhesake, para dwija kudu bisa dadi conto para murid anggone nggunakake basa Jawa krama alus lan inggil. Miturut peneliten, generasi mudha angel sinau basa Jawa krama inggil amarga akeh undhak-undhakaning basa utawa unggah-ungguh lan njlimet carane nerapake. Mula kuwi, undhak-undhakane basa kudu luweh diringkesake, yaiku basa ngoko baku, ngoko alus, krama lugu lan krama inggil. “Ngoko baku kuwi digunakake ing masarakat nanging ora kanggo geguyonan, nanging bab kang prelu banget utawa wigati,” kandhane.

Pamicara liyane, budayawan saka Karaton Surakarta, KGPH Dipokusumo nuduhake mbangun watake bangsa kuwi ora gampang lan mbutuhake wektu, pendhidhikan lan kang ora kalah wigati yaiku tepa tuladha para panguwasa.

Miturut Dipokusumo, jaman saiki akeh wong luwih milih dalan cepet utawa instan kamangka sipat lan watak bangsa kuwi ora kaya njejegke omah sing bisa dideleng sakbubare rampung. Budaya kudu diwulangake amarga nuduhake jati dhiri budaya nasional. “Kabeh kuwi supaya kita bisa tambah tresna budayane dhewe, saengga dadi tresna marang Lemah Wutahing Ludira, tresna marang bangsa Indonesia.” 

Advertisement

Advertisement
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif