Jagad-jawa
Kamis, 3 Mei 2012 - 09:54 WIB

Apa Isih Butuh Sopan Santun, Tata Krama lan Unggah-ungguh?

Redaksi Solopos.com  /  Is Ariyanto  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

 

 

Advertisement

Pawongan kang isih puguh ngecakake sopan-santun, tata krama lan unggah-ungguh, mertandhani yen isih kukuh marang adat utawa budaya. Sipat sopan-santun kaca benggalane kaluwarga. Tata krama tandha kautaman. Unggah-ungguh pinangka sipat kang kukuh, bakuh, puguh.

Adat pinangka pakulinan kang wis disarujuki bebarengan, wiwit biyen-biyene. Kabudayan jalaran manungsa iku pinangka titah paling utama, mulya lan sempurna. Mula adat lan kabudayan mung diduweki dening manungsa.

Advertisement

Adat pinangka pakulinan kang wis disarujuki bebarengan, wiwit biyen-biyene. Kabudayan jalaran manungsa iku pinangka titah paling utama, mulya lan sempurna. Mula adat lan kabudayan mung diduweki dening manungsa.

Sato lan malaekat, pinangka saperangane titah kang tansah ngapit manungsa. Kang bisa njalari manungsa nduweni sipat ala lan becik. Lan rong perangan mau ora nduweni kabudayan. Jalaran kabudayan iku asile saka olah rasa, olah bawa, olah nalare menungsa, tumuju marang kabecikan.

Bapak Koentjaraningrat nyathet saka buku: PJ Zoetmulder, Oost en West, PJ Van Der Peet, 1951 kang unine mengkene: Kabudayan saka tembung Sansekerta Buddhayah, buddhi utawa budi utawa akal. Dadi kabudayan iku tegese bab-bab kang magepokan karo budi lan akal. Utawa kabudayan iku saka tembung budi daya, budi lan daya kekuwatane akal. Kang mesthi wae katindakake dening manungsa, antuk pasarujukane wong akeh.

Advertisement

Manungsa kang ora ngecakake kabudayan lan ora ngajeni kabudayane liyan mesthi bakal kurang becik. Mula ana paribasan Di mana bumi dipecak di situ langit dijunjung lan kebudayaan cermin sikap bangsa.

 

Tandha apa?

Advertisement

 

Saiki kang kerep dadi pitakon: Jaman saiki wis kerep diprangguli, wis akeh kang padha ora butuh ngecakake sopan santun, tata karma lan unggah-ungguh. Lha iki pinangka tandha utawa tengara apa? Apa wis wiwit padha dhemen nglewa marang kabudayan? Apa pancen jalaran wis luntur kabudayan mau? Mligine kabudayan Jawa, senajan wiwit sethithik mbaka sethithik.

Mesthi wae perkara kang kaya mangkono mau kena kanggo lelandhesan paneliten. Bisa uga magepokan marang kahanan. Kang uga ana gandheng-cenenge marang owah-owahane sipat. Apa uga ana gandheng-cenenge marang sarana-sarana pawartai, sesrawungan gaya modheren, lan jaman kang terus gumregut. Yen pancen ana paneliten sajake bisa cawe-cawe marang nimpuna psikologi.

Advertisement

Nanging yen diudhal kanthi srampangan sajake isih bisa digrayang-grayang, marang tandha-tandha mau.

Wis akeh kang padha nduweni panemu yen sipat unggah-ungguh iki mung kerep kagubel rasa ewuh-pakewuh, ing bebrayan. Mligine tumrap padha kanomane, njalari kurang ombere sesrawungan, kurang dadi akrab. Mung emane, jalaran nglewa sopan-santun, tata karma lan unggah-ungguh banjur ing sesrawungan dadi nrunyak. Nrunyak iku tegesi nyedhak-nyedhaki sipat kurang ajar. Lan sipat kang kaya mengkono mau mesthi wae pinangka sipat kang kurang becik.

Ilange utawa lunture utawa tansaya gripise sopan-santun, tata karma lan unggah-ungguh bisa jalaran kena daya pengaruhe kabudayan liyan. Wis wiwit akeh kang padha kapilut marang kabudayane bangsa liya. Lan wis wiwit mentala ninggal glanggang sumeleh glethak marang kabudayane dhewe. Kang biyen-biyene tansah diperdi dening simbah-buyute. Kamangka yen ana unen-unen Di mana bumi dipecak di situ langit dijunjung iku tegese ngajeni marang kabudayan liyan, nanging ora nduweni kabudayan liyan mau. Mligine kabudayan liyan kang kurang trep marang sipat-sipate awake dhewe, bangsane dhewe.

Lan wiwit gripise kabudayane dhewe iku jalaran ora utawa kurang ana tuladha, kang nuladhani marang generasi sabanjure, generasi kanoman. Tuladha iku saka wong tuwa utawa pawongan kang dituwakake, dianggep tuwa, ing pikiran utawa yuswa. Luwih-luwih tumrape publik figur kang kerep dadi kiblate para kanoman.

Yen dijlimeti maneh lan didhadhani jalarane bisa uga saka keluwarga, sekolahan/guru lan pasrawungan. Mula endhek-dhuwure pawongan kang ngecakake sopan-santun, tata karma lan unggah-ungguh kerep ana gandheng-cenenge marang saka ngendi keluwarga mau, sekolahan utawa guru lan sesrawungane. Nuwun.

Advertisement
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif