Jagad-jawa
Kamis, 26 April 2012 - 10:19 WIB

Mahambeg Rasa

Redaksi Solopos.com  /  Is Ariyanto  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - Siti Muslifah SS MHum. (FOTO/Dok)

Siti Muslifah SS MHum. (FOTO/Dok)

Wujud kabudayan ingkang baken menika wonten tiga, inggih menika sociofact utawi fakta sosial inggih menika kasunyatan kabudayan wonten ing bebrayan; mantifact utawi fakta mental inggih menika kapitadosan ingkang sampun mbalung sungsum ing saranduning pikiranipun bebrayan lan kaanggep leres; artefact inggih menika bukti-bukti kabudayan awujud barang ingkang ketingal, kadosta candhi, petilasan, situs sujarah, lan sanes-sanesipun.

Advertisement

Saking tigang wujud kabudayan ing ngajeng, kababar malih dados pitung unsur kabudayan, ing agami, kapitadosan, sumber panggaotan, paguyuban/ keklempakan sosial), basa, teknologi lan seni. Salah satunggalipun seni inggih menika seni tari utawi beksa.

Wonten ingkang mastani bilih beksa makaten saking tembung mahambeg rasa, ingkang ngemu teges bilih kagunan beksa makaten mboten namung obahing asta, liringing netra, debeg gejuging sikil sarta enggak-enggoking raga kemawon. Beksa ugi mujudaken sarana angulir budi kanthi ulah rasa lan surasa. Tumraping beksan bedhaya, nggadhahi teges ingkang langkung lebet malih. Mboten namung kangge ulahing raga, rasa lan pangrasa, nanging ugi mujudaken sarana manembah lan manunggal kalihan Gusti. Beksan ingkang kados makaten mujudaken beksan ingkang sukci lan sakral.

Manawi Pura Mangkunegaran nggadhahi Bedhaya Anglir Mendhung, Karaton Kasunanan Surakarta, ugi kagungan beksa ingkang mujudaken pusaka. Beksa kalawau asipat sakral lan sukci inggih menika Bedhaya Ketawang. Bedhaya Ketawang menika mujudaken pralambang sapatemon mistis ing antawisipun Panembahan Senapati lan Kangjeng Ratu Kidul.

Advertisement

Wonten ing Babad Tanah Jawi dipungambaraken bilih sapatemon ing antawisipun Panembahan Senapati lan Kangjeng Ratu Kidul kalawau dipunwiwiti nalika Panembahan Senapati mertapa wonten Laut Kidul. Ancasipun Panembahan Senapati, kanthi mertapa mugi sageda angindhakaken kekiyatanipun, ingkang tundhonipun saget kangge sangu badhenipun nglenggahi dhampar Mataram.

Pratapanipun Panembahan Senapati nuwuhaken getering Laut Kidul, lan nyumelangaken tumrapipun Kangjeng Ratu Kidul. Nalika Kangjeng Ratu Kidul pirsa bilih ingkang nuwuhaken gegeter kalawau Panembahan Senapati ingkang nembe mratapa, lajeng sowan kanthi atur sembah. Kangjeng Ratu Kidul paring atur supados Sang Panembahan njugaraken tapanipun. Sang Panembahan mituruti nanging kedah adu kasekten rumiyin. Sang Panembahan lan Kangjeng Ratu kaleksanan berdondi, nanging tundhonipun Kangjeng Ratu Kidul ngakeni kasektenipun Sang Panembahan. Salajengipun Kangjeng Ratu Kidul anjurung dhumateng karsanipun Sang Panembahan, lan kekalihipun sami-sami ngraosaken katresnan. Sapatemon ing antawisipun raja lan ratu seje alam menika dening Sultan Agung kaanggit lumantar beksa Bedhaya Ketawang.

Salajengipun, awit mujudaken beksa ingkang sakral, suci lan mawi perbawa mistis, beksa menika kakepyakaken saben setaun sepisan, ing saben adiara Jumenengan Dalem Nata. Cacahing pambeksa wonten sanga, lan pambeksanipun kedah para kenya ing kahanan suci-mboten nembe nggarapsari. Saderengipun mbeksa kedah mawi laku prihatin lan tansah nyaketaken sariranipun kalihan Gusti Ingkang Murbeng Gesang. Wondene para putra Dalem Nata nalika mirsani beksa menika kakepyakaken kedah siram jamas lan rikmanipun mawi karatus. Ing salebeting bedhaya kakepyakaken soksintena kemawon ingkang wonten ing ngriku mboten dipunkeparengaken ngendikan, bawarasa utawi ambatin lan anggadhahi panyakrabawa ingkang mboten sae. Rep tidhem premanem kahananipun, sadaya sami manungku puja nunggilaken raos, nyawijekaken rasa pangrasa ngantos saparipurnaning beksa.

Advertisement

Kanthi andharan ingkang sampun kasebat ngajeng, saged kita tintingi bilih beksa makaten mboten namung mligi ulahing raga kemawon. Nanging sadaya ulahing raga kados ta debeg, gejug, kebyok, nyembah, manglung, ngalapsari, taweng, srisik,mendhak, ngleyek, mayuk, njangkung, ngrayung, ndhingkluk, neklok, sila, sembah grana, sembah jaja lan sanes-sanesipun mengku teges mirunggan tumrap manunggalaken sarira tumraping Kawula lan Gusti. Kanthi makaten cetha bilih kagunan beksa makaten saged kangge sarana angulir alusing budi. Makaten, matur nuwun.

Advertisement
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif