Jagad-jawa
Kamis, 19 April 2012 - 09:19 WIB

CERKAK: Godha

Redaksi Solopos.com  /  Is Ariyanto  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Erdy Priharsono

Lelakon uripe Pak Diran bisa kanggo tuladha becik tumrap sok sapa wae. Ing saatase mung anak turune buruh tani, nanging bisa nglungguhi dampar pejabat. Pak Diran miwiti nyambut gawe saka trap paling ngisor, sithik mbaka sithik munggah tumekaning ndhuwur.
Diseleh ing papan ngendi wae, Pak Diran tansah sengkut anggone nyambut gawe. Lan blas ora nate dolanan duit. Saliyane tertib lan disiplin bab perkara nyambut gawe, dheweke uga disenengi anak buahe jalaran tansah ngajeni karo sapa wae.
Semono uga ing satengahing urip padinan, solah bawane sing becik ndadeake Pak Diran tansah dadi paran parane warga kampunge. Uripe Pak Diran dalah garwa lan putra tansah rukun, tentrem, lan adhem ayem.
Saiki Pak Diran dadi pejabat sing nangani tender proyek gedhe. Temtu wus dimangerteni, menawa panggonan iki kudu dilungguhi wong sing becik morale, jalaran godhane gedhe. Mesthi akeh bos perusahaan sing ngiming-imingi dhuwit atusan yuta.
Lagi telung dina nyekel jabatan, Pak Diran diajak dhahar awan ing restoran karo bos perusahaan kawentar. Pak Diran nulak. Wus dadi patrape yen rembugan bab sing ana gandheng cenenge karo gaweyan, kudu dileksanani ing kantor. Ora ing panggonan liya.
Nanging bos perusahaan kawentar kuwi, Pak Steven ora mutung. “Mbuh piye carane kudu bisa ketemu Pak Diran! Pak Diran kudu bisa dicekel! Pak Diran harus di tangan kita!” kandhane Pak Steven makantar-kantar ing ruang rapat manajemen tim perusahaane.
Pak Steven nekat pengin ketemu. Piye ora nekat, wong ajine proyek sing arep ditenderke kuwi milyaran. Tur kanggone Pak Steven, main suap, main embat, lan main bejat kaya ngene iki wis dianggep lumrah.
Menungsa kaya ngene iki blas ora mikir bab mutu gedung utawa bangunan. Sing penting entuk proyek, nuli dum-duman dhuwit. Mula aja gumun yen saiki iki akeh bangunan lan jembatan sing ambruk kanthi mangan nyawa, sanadyan lagi sak umur jagung.
“Gampil Pak. Mangke menawi proyek punika gol, kula mboten kesupen kaliyan panjenengan. Kula nggih tepang menteri wonten Jakarta mrika, mangke kula saget mbiyantu panjenengan promosi dados dirjen,” ujare Pak Steven, sakwise ketemu Pak Diran.
“Nggih maturnuwun awit sedaya kawigatosanipun. Ning kula langkung remen dados tiyang lugu mawon kok. Kula mboten gadhah potongan dados dirjen, napa malih menteri,” wangsulane Pak Diran nulak alus.
Sakjane yen gelem kong kalikong karo bajul buntung kuwi, dhuwit atusan juta mesthi mlebu rekening. Nanging blas Pak Diran ora duwe potongan dadi koruptor.
“Arta gaji lan tunjangan saking nagari pun cekap kangge gesang sak kulawarga kula,” ujare Pak Diran.
Pungkasane kabeh rantaman lelang proyek lumaku miturut aturan sing bener lan pener. Perusahaane Pak Steven kalah. Nanging dasar ati badak gendheng, nem wulan sakwise prastawa kuwi Pak Steven nekat melu tender maneh.
Ing wektu iki ana proyek luwih gedhe cacah loro sing dicekel Pak Diran. Nanging yen disawang kanthi premana, ana sing owah saka patrape Pak Diran wektu-wektu iki. Rapat-rapat bab tender proyek akeh sing kaleksanan ing hotel.
Ing kalodhangan iki, Pak Steven kabukti dadi juru rayu sing mumpuni. Perusahaane bisa ngrebut proyek sing ajine milyaran. Perusahaan liyane mung bisa ngaplo nyawang Pak Steven kasil menang rong proyek gedhe.
Setahun wus lumaku tanpa ana prastawa sing ndrawasi. Nanging sawijining ndina, aparat sing wenang nemokake bukti yen proyek gedhe kuwi kaleksanan tanpa nganggo tender sing pener, lan kaduga ngrugeake dhuwit negara. Kabeh pegawe pasang badan mbelani Pak Diran.
“Mokal yen Pak Diran korupsi, wong priyayine jujur,” ujare Kiman.
Prastawa kuwi ngglindhing tumekaning tlatah hukum. Pak Diran dipriksa kanthi setiti, kalebu rekening bank. Nanging gumune, sakwise dilacak kanthi setiti, ora ana dhuwit saka perusahaane Pak Steven sing mlebu rekeninge Pak Diran.
Semono uga ora ana dhuwit haram sing mlebu rekeninge kulawarga utawa kancane Pak Diran. Ora ana rekening sing patut dicubriyani.
“Jelas ora kabukten, wong Pak Diran kuwi priyayi resik, ora duwe potongan koruptor,” kandane Kiman maneh.
Sanadyan ora kabukti mangan dhuwit rakyat, nanging Pak Diran tetep dianggep salah, yaiku nglakoake tender kanthi cara sing ora manut aturan. Pak Diran pungkasane mlebu hotel prodeo. Nanging Pak Steven kanthi akal julike, bisa uwal saka jiret hukum.
Ora let sedhela, ana prastawa sing ndadeake pitakonan tangga teparo lan kancane Pak Diran, nalikane ana wanita nom, ayu, lan resik cacah loro sing bezuk Pak Diran ing pakunjaran. Sing siji nggendhong bayi, dene sing sijine nggarbini tuwa.
Wong sak kampung lan sak kantor geger, kaya-kaya ngrasaake ana lindhu gedhe nalikane mangerteni yen wanita ayu cacah loro kuwi garwa sirine Pak Diran. Wis jelas, kabeh lelakon iki ana gandheng cenenge karo lelang proyek setahun kepungkur.
Prastawa iki kaya-kaya ora bisa dipercaya, nanging kasunyatan. Sing gawe kaget maneh, loro-lorone tilas sekretarise Pak Steven. O, pranyata Pak Diran kuwi uga isih menungsa lumrah, sing ora kalis saka godha.
Mbok menawa bener unen-unene Wong Jawa, dene godhane wong lanang kuwi harta, tahta, lan wanita. Pranyata Pak Diran ora tedhas dening “ta” kapisan, ora njungkel saka “ta” kapindho, nanging numpak dening “ta” katelu.
Kanggone Pak Diran, pranyata bokong luwih abot tinimbang glondhong. Esem manis, awak sedhet, lan lambe menthel wanita ayu pranyata bisa njiret ati lugune Pak Diran sing saiki uripe nelangsa ing pakunjaran.
Iki kabeh pokale Steven sontoloyo. Dheweke weruh kekurangane Pak Diran, yaiku esem lan kedhepan mripat wanita. “Enake mung sak klentheng, nanging rekasane sak rendheng,” ujare Pak Diran keduwung ing pakunjaran.

Advertisement

Advertisement
Advertisement
Advertisement
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif