Jagad-jawa
Kamis, 29 Maret 2012 - 11:03 WIB

MAHESA LAWUNG: Tradhisi Wilujengan Nagari

Redaksi Solopos.com  /  Is Ariyanto  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - Siti Muslifah SS MHum (FOTO/Dok)

Siti Muslifah SS MHum (FOTO/Dok)

Nalika Islam dumugi ing tanah Jawi, masarakat Jawi sampun nggadhahi kapitadosan piyambak ingkang asli dipungilut wiwit para leluhur inggih menika kapitadosan animisme lan dinamisme. Kapitadosan kalawau sampun ngrembaka saderengipun Hinduisme, Budhisme mlebet, malah kenging dipunwastani nalika zaman prehistori  tetiyang Jawi sampun nggilut animisme dinamisme kalawau. Tapaking animisme dinamisme tasih ketingal cetha ing masarakat bangsa Jawi, kados ta wontenipun upacara pamujan ing sadhengah papan ingkang kaanggep wingit, ngluhuraken makam lan petilasan kina, ugi wontenipun upacara adat lan caos dhahar ing papan-papan tinamtu ingkang dipunkramataken.

Advertisement

Pangeran utawi Hyang mboten asipat transendental, nanging wonten lan kawastanan lebur ing diri pribadinipun titah. Babagan menika mujudaken keyakinan ruhani manunggalipun jagad ageng (makrokosmos) lan jagad alit (mikrokosmos). Salah satunggalipun upacara sesaji ingkang ngantos sakmenika taksih kaleksanan inggih menika upacara adat sesaji Mahesa Lawung wonten ing Alas Krendhawahana.

Upacara adat sesaji Mahesa Lawung mujudaken upacara suci ingkang dipungelar setaun sepisan dening Karaton Surakarta Hadiningrat. Upacara adat kalawau mapan wonten ing Alas Krendhawahana, sawijining alas ingkang dipunpitados mujudaken papanipun Bathari Kalayuwati (Durga), saengga pinitados mboten namung wingit kemawon, nanging ugi gawat keliwat-liwat.

Upacara punika kinten-kinten dipungelar kawandasa dinten sasampunipun Grebeg Mulud. Sesaji Mahesa Lawung pinika sampun dados upacara ajeg tumrap Karaton Surakarta Hadiningrat. Wondene dinten ingkang sampun kapilih, miturut adat saben wonten kalih, inggih punika dinten Senen utawi Kemis.

Advertisement

Ngengingi ubarampening sesaji ing antawisipun sirah mahesa lawung, inggih punika mahesa (kebo) ingkang taksih jejaka-dereng nate kawin lan dereng nate dipunginakaken kangge nyambut damel; Suku utawi dlamakaning suku sadaya (cacah 4); Walang ataga (sadaya jinising walang) ingkang mujudaken  simbul ing kawula alit (wong cilik);  Ulama-ulaman (sadaya jinis daging), lan sesaji sanesipun arupi ayam panggang, klapa mudha, pisang, sekul pethak, sekar pitung werni, lan sanes-sanesipun  ingkang sadaya wonten maknanipun piyambak-piyambak.

Sesaji menika dipunleksanani wonten Alas Krendhawahana  amargi sujarahipun papan menika mujudaken papan sapatemonipun Paku Buwana VI lan Pangeran Diponegoro kangge ngrancang strategi lumawan penjajah Welandi. Sapatemon  ing antawisipun kekalih priyagung kalawau dipunadani ing Sela Gilang, kinten-kinten 10 meter sawingkinging wit Grasak. Papan menika ugi asring kangge nenepi (meditasi) para raja nalika ngadhepi prakawis ing babagan pangrehing praja.

Tata caraning sesaji Mahesa Lawung ing Alas Krendhawahana kalawau kaperang dados kalih, inggih punika tata cara upacara ing Karaton lan tata cara upacara ing Alas Krendhawahana. Sesaji ingkang sampun kasiyapaken saking Dalem Gondorasan Karaton Surakarta sasampunipun cumawis lajeng dipunbekta dhateng Alas Krendhawahana ingkang mapan wonten Dhusun Krendhawahana, Kecamatan Gondangrejo, Kabupaten Karanganyar, kinten-kinten 20 km saking Karaton Surakarta.

Advertisement

Sasampunipun dumugi, sesaji Mahesa Lawung saubarampenipun dipuncawisaken ing pundhen sangandhapin wringin pethak. Prosesi ritual dipunwiwiti kanthi mbeberaken ingkang dados ancasing upacara. Salajengipun wonten pandonga ingkang dipunjawab kanthi tembung “rahayu”. Dipunlajengaken mendhem sirahing mahesa lawung saubarampening sesaji, lajeng dipunwaosaken sujarahipun mahesa lawung. Sesajen arupi sekul kendhuri ingkang kangge slametan, dipundum-dumaken dhateng para ingkang sami rawuh. Dipunpitados, soksintena ingkang dhahar sekul slamtean kalawau, bakal kabul punapa ingkang dados sedyanipun.

Ingkang baken, Sesaji Mahesa Lawung mujudaken wilujengan nagari, ingkang dipunadani kanthi ancas supados bangsa lan nagari tansah wilujeng. Rakyat utawi wong cilik saged manunggal, saengga sami-sami sesarengan sengkut gotong royong nyawiji kangge ayem tentreming nagari. Manawi bakenipun saking Mahesa Lawung punika sampun kecepeng negari ingkang gemah ripah loh jinawi tata titi tentrem kerta raharja tamtu badhe saget kawujudaken. Pramila, ing antawisipun Gusti (pamarentah) lan Kawula (wong cilik, rakyat), kedah sami-sami manunggal ing sedya, nggadhahi tekad ing sami kangge mujudaken sadayanipun. Ing wasana sumangga.

Advertisement
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif