Mahesa Lawung

Espos/Burhan Aris NugrahaEspos/Burhan Aris Nugraha

Ing Gondorasan, sakabehing ubarampe sesaji karacik dening abdi dalem Gondorasan. Sakwise sesaji lan ubarampe kanggo wilujengan sumadya tumuli kagawa tumuju ing Sitihinggil saprelu kadonganan dening para ulama.

Paripurna kumbuling pandonga ing Sitihinggil, kabeh abdi dalem kang kadhawuhan nindakake wilujengan nagari Mahesa Lawung kanthi bebarengan numpak kendharaan tumuju ing Alas Krendhawahana. Ora lali nyangking sakabehing sesaji kang bakal kadonganan maneh ing Alas Krendhawahana. Sesaji kang utama yaiku sirah kebo lan tracak.

Mangkono gambaran kawitane adicara wilujengan nagari Mahesa Lawung kang ajeg diadani dening Karaton Surakarta Hadiningrat ing dina Senen utawa Kemis pungkasan ing Wulan Rabiulakhir. Dinane pancen bisa Senen utawa Kemis sing tibane dina mau ing pungkasan kang cedhak karo enteke Wulan Rabiulakir.

Miturut dhosen Ilmu Sejarah FSSR UNS Solo, Tundjung W Sutirto, Mahesa Lawung iku salah sawijining adat Karaton Surakarta kang isih lumaku nganti saiki. Upacara Mahesa Lawung minangka upacara wilujengan nagari kang uga dadi sarana panyuwunan kawilujengan tumrap sakabehe, wiwit ratu, karatondalem, sentana dalem, abdi dalem, kawula dalem lan nagari Republik Indonesia.

“Upacara Mahesa Lawung iki dileksanakake minangka salah sawijining wilujengan papat keblat. Mapane ana ing sisih lor yaiku ing Alas Krendhawahana, kang mapan ing wilayah Kecamatan Gondangrejo tlatah Kabupaten Karanganyar. Papan iki diyakini minangka pancering keblat ing sisih lor saka Karaton Surakarta,” ujare Tundjung marang Espos, Rebo (28/3).

Espos/Burhan Aris Nugraha

Alas Krendhawahana mangkono dipracaya minangka lenggahe Ratu Kalayuwati, uga kang sinebut Bethari Durga. Dene tata cara lakuning upacara samesthine kawiwitan saka anane dhawuhdalem Sinuhun kang sakbanjure ditindakake dening para abdi dalem wiwit saka papan Gondorasan nganti tumekaning Alas Krendhawahana kanthi urut-urutaning adicara kang mirunggan.

Kang nggeret kawigatene bebrayan, upacara Mahesa Lawung iki nggunakake ubarampe baku kang arupa sirah kebo. Sawuse didongakake, sirah kebo iki uga dipendhem ing alas kono. Jarene Tundjung, upacara Mahesa Lawung ubarampene kalebu jangkep. Ananging sing paling mligi kudu ana yaiku sirah kebo kang wis megawe utawa sumadya kanggo nyambut gawe ngolah sawah, garu lan luku. Tegese kebo kang dinggo sesaji kuwi kebo lanang kang durung kanggo makarya ananging wis sumadya makarya.

“Kudu kebo lanang, sing sejatine ngandhut piwulang nyuda hawa lan nepsu amarga kang sinandhi kebo lanang kuwi seneng berik. Supaya menehi tuladha tumrape manungsa, aja seneng padudon,” tandhese.

Dene sesaji liyane kang kudu ana yaiku sakbangsane iber-iberan kayadene pitik lan menthok kang cara mangsake kudu dipanggang. Saliyane kuwi isih ana maneh sesaji kang wujud sekar, sega, woh-wohan lan sakpanunggalane.

Sirah kebo lan tracak mau kanggo sesaji kanthi dipendhem ing Alas Krendhawahana kono. Dene iwak kebo bisa kapurak dening sapa wae kang mbutuhake. Ana panemu manawa kebo mangkono iku minangka kewan kang kalebu cedhak marang panguripaning manungsa Jawa. Minangka tandha kabudayan agraris kang minangka kabudayane tanah Jawa. Mula saka iku kebo minangka simbul sesaji suci awit kewan kebo kuwi kang cedhak karo penguripaning manungsa Jawa.

Disebutake Tundjung, akeh piwulang kang bisa kajupuk saka upacara Mahesa Lawung. Piwulang tradhisi upacara Mahaesa Lawung upamane. Ngandhut surasa prelune ngagungake panyuwunan marang Kang

nganggo sarana sesaji murih antuk karahayon ing donya bebrayan agung. Piwulang liyane yaiku minangka sarana nggulawenthah karukunan tumrap ing sapadha-padhane. Aja seneng padudon kayadene kebo lanang yen ketemu kebo lanang tansah seneng berik. Mula saka kuwi upacara Mahesa Lawung uga minangka tuladha ngendhaleni hawa nepsune manungsa amarga samangsane hawa nepsu mau ora dikendhaleni bisa kaya patrape kewan malah kapara ngluwihi kewan.

Editor: | dalam: Jagad Jawa,Lifestyle |
Iklan Cespleng
Menarik Juga »