Jagad-jawa
Kamis, 15 Maret 2012 - 13:15 WIB

Pujangga Rakyat

Redaksi Solopos.com  /  Is Ariyanto  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - FOTO/Dok

Heri Priyatmoko, Mahasiswa Pascasarjana Sejarah, FIB, UGM (FOTO/Dok)

Tumrap masarakat Jawa, asmane Ranggawarsita wus kondhang kaloka, sanajan apa kang njalari sedane pujangga iki isih kalingan pedhut kang nganti saiki ora sumilak. Nalika wong ngucapake “jaman edan,” kang semliwer ing pikirane amung asmane pujangga paling kondhang jroning panggung sujarah Jawa iki.

Advertisement

Ranggawarsita pancen wus kebacut dadi priyagung kang gawe bombonging atine warga Kutha Surakarta lan kasimpen rapet jroning pangeling-elinge masarakat. Kanggo ngelingi blegere, asmane banjur dipasang kanggi jeneng ratan saka prapatan kantor pos besar nganti prapatan PT Tiga Serangkai. Uga ora nggumun manawa ing wektu-wektu tartamtu pasareyane Ranggwarsita ing Palar, Klaten, ajeg dijiarahi  warga.

Saking gedhene labuh labete lan kiprahe Ranggawarsita jroning jagad sastra lan budaya Jawa, Presiden Soekarno paring kawigaten kanthi mbangun reca ing ngarep Museum Radyapustaka Sriwedari. Reca kasebut diresmekake tanggal 11 November 1953. Jroning pidhatone, Bung Karno ngandika, “Sanajan kaping sewu Ranggawarsita mratelakake ing taun: ana wiku memuji ngersti sawiji (1877) bakal menangi kuncaraning jaman. Nanging, saupama bangsa Indonesia ora berjuwang kanthi temenan, wegah ngurbanke jiwa-raga, apa kang kita rasakke saiki ora bakal kawujud lan apa kang diswarakake pujangga iku mau ora bakal kawujud. Satemene, kalungguhane Ranggawarsita dudu pujangga karaton utawa kang kajibah nyuwarakake golongan elit karaton thok, nanging uga minangka pujangga rakyat.”

Piyambake bisa tanggap lan nyuwarakake kasunyatan konflik kang kedaden ing njero karaton, uripe wong cilik lan uga kejeme pamarentah kolonial Walanda, kanthi cara nyaruwe utawa nyindir. Ranggawarsita banget prihatine marang tindak tanduke saperangan wong gedhe kang lagi mengku kuwasa lan antuk kaprecayan saka Walanda, nanging uga dadi tukang meresi rakyate. Mitra tani uripe padha nelangsa, mlarat lan sengsara. Kahanan iki dialami suwe banget jalaran diindes-indes penjajah lumantar tangane pejabat pribumi, yaiku wong-wong kang kasunyatane malah nemu kabegjan jalaran bisa njupuk kalodhangan kanggo ngindes wong cilik, bangsane dhewe, kanggo kapentingane dhewe. Swasana kang kebak kasengsaran iku kagambar jroning Serat Sabda Pranawa lan Serat Kalatidha.

Advertisement

Uga ora sithik wong kang nandhesake Ranggawarsita minangka panjangka ulung. Sejatine, piyambake amung nulisake kahanan jaman kang wus disekseni, apa anane, dudu sawijining bab kang dijangka. Bener manawa Ranggawarsita minangka priyagung kang waskitha, batine landhep, nguwasani ilmu lair lan batin. Landheping batin iku tembayatan karo wahyu. Amarga kuwi, wong kang antuk wahyu kapujanggan kang bisa nyandhang gelar pujangga. Rakyat nyebut sastrawan kang asmane nalika timur Bagus Burham iki minangka pujangga pungkasan. Sawuse Ranggawarsita pancen ora ana maneh wong kang kanugrahan wahyu kapujanggan, jalaran wus ora ana wong liya kang bisa nandhingi kawasisane. Kenapa blegere Ranggawarsita langgeng jroning pikirane masarakat nganti satus taun luwih? Jalaran seratane Ranggawarsita iku minangka swara atine masarakat, dudu swarane panguwasa thok.


 

Advertisement

Advertisement
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif