Jagad-jawa
Kamis, 15 Maret 2012 - 11:25 WIB

IA Joko Suyanto: Ngurusi Bocah ing Panti Asuhan

Redaksi Solopos.com  /  Is Ariyanto  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - AI Joko Suyanto (Damar Sri Prakoso/JIBI/SOLOPOS)

AI Joko Suyanto (Damar Sri Prakoso/JIBI/SOLOPOS)

Saben ana pagelaran seni tradhisi utawa seni budaya ing Karanganyar, IA Joko Suyanto nyelakke wektu kanggo nekani. Sanajan wus sawetara taun pension saka jabatane minangka Pangarsa Dinas Pariwisata Karanganyar, nanging atine isih ora bisa ucul saka jagad seni tradhisi lan budaya. Kepara, wektune saiki malah sansaya longgar kanggo ngrembakakake kawasisane ing jagad seni.
Saiki, Joko uga kapetung aktif ngrembakakake kawruh lan kawasisane bab tosan aji. Piyambake malah antuk kaprecayan kanggo mandhegani Forum Bawa Rasa Tosan Aji Soedjatmoko (FBRTAS) kang kegiyatane antarane ndhudhah piwulang jroning seni padhuwungan, gawe workshop sarta pameran keris lan tosan aji, lan sapiturute.
Saliyane repot ngurusi maneka warna jinis kegiyatan kang ana sesambungan karo tosan aji lan budaya, dhosen Universitas Sahid Solo iki ora lali marang sepadhane. Ing wektu lodhange, piyambake uga isih bisa ngurusi sawijining panti asuhan ing dhaerah Gentan, Sukoharjo.
“Aku malah antuk kaprecayan minangka Pangarsa I Perhimpunan Karya Rahayuning Anak (Karuna), kang salah sijine ngurusi panti asuhan. Mapane ana ing dhaerah Gentan,” pratelane Joko nalika ditemoni Espos, sawetara wektu kapungkur.
Miturut Joko, ing panti asuhan iku ana 47 bocah sing diopeni. Joko uga nyukuri kahanane saiki, jalaran luwih bisa maringake gagasan, tenaga lan pikirane kanggo melu ngopeni bocah-bocah ing panti asuhan iku.
“Aku uga ngajari bocah-bocah iku karate minangka salah sijine laku urip kang sehat. Nalika wektune longgar, bocah-bocah uga dakjak menyang Candhi Sukuh, candhi Cetha, kanggo nerangake piwulang-piwulang kang ana ing kono,” ujare.

Advertisement

Advertisement
Advertisement
Advertisement
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif