Jagad-jawa
Sabtu, 10 Maret 2012 - 12:08 WIB

Ngajab Taun Iki Antuk Gelar Doktor

Redaksi Solopos.com  /  Is Ariyanto  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - Drs Wakit Abdullah MHum (Damar Sri Prakoso/JIBI/SOLOPOS)

Drs Wakit Abdullah MHum (Damar Sri Prakoso/JIBI/SOLOPOS)

Wus sawetara wektu iki Wakit Abdullah bola-bali menyang dhaerah pesisir kidul. Prelune golek warta lan cathetan-cathetan kang migunani kanggo njurung bahan disertasine.

Advertisement

Dhosen Sastra Dhaerah FSSR UNS Solo iki pancen nembe ngupaya ngrampungake disertasine sing wus mlebu bab IV.

“Disertasiku ngrembug bab Linguistik Deskriptif Kajian Etnolinguistik Bahasa lan Budaya Jawa Nelayan Pesisir Kidul. Dhaerah sing dak angkat yaiku Kebumen mangidul,” ujare Wakit nalika ditemoni Espos ing Solo, sawetara wektu kapungkur.

Miturut priya kelairan Ngawi, 1 April 1960 iki, tatanan uripe nelayan dhaerah pesisir kidul luwih nggugah kawigatene tinimbang nelayan dhaerah pesisir lor. Para nelayan dhaerah pesisir lor kapetung luwih dhisik golek wulu pametu ing segara. Dene ing dhaerah pesisir kidul, wargane lagi wae ngowahi adate sing maune ajeg dadi among tani banjur nyoba dadi nelayan.

Advertisement

“Aku coba ngangkat kuwi. Kepriye basa lan budayane. Mula, aku kudu bola-bali menyang pesisir. Disertasiku wus dak tata wiwit November 2010. Muga-muga taun 2012 iki rampung,” tandhese Wakit kang uga dadi dhosen pawiyatan luhur ing Ngawi iki. 

Advertisement
Advertisement
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif