Jagad-jawa
Sabtu, 10 Maret 2012 - 12:43 WIB

Nandur Wit-witan Aja Ngawur

Redaksi Solopos.com  /  Is Ariyanto  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - Siti Siamah, Sutresna Kabudayan Jawa. Dumunung ing Purwodadi (FOTO/Istimewa)

Siti Siamah, Sutresna Kabudayan Jawa. Dumunung ing Purwodadi (FOTO/Istimewa)

Saben-saben mangsa labuh lan mangsa rendheng saya akeh wit-witan sing kanggo ijon-ijon sakiwatengene dalan-dalan lan taman-taman padha ambruk katerak angin. Banjur uga saya akeh sing katiwasan kebrukan wit-witan.

Advertisement

Sing prelu dadi kawuningan, kedadeyan kuwi magepokan karo lelakon ngawur nandur wit-witan. Mula prelu eling marang unen-unen sing wiwit biyen misuwur dadi pitutur kanggo anak putu wayah: Aja ngawur nandur wit-witan. Tegese, yen nandur wit-witan kudune gelem metungake bebaya kang bakal kedaden magepokan karo owah-owahe mangsa.

Unen-unen kuwi sajake prelu dijabarake marang masarakat mligine marang pangarsa amrih ora saya akeh bebaya lan saya akeh sing katiwasan nalika ana wit-witan sing padha ambruk keterak angin.

Advertisement

Unen-unen kuwi sajake prelu dijabarake marang masarakat mligine marang pangarsa amrih ora saya akeh bebaya lan saya akeh sing katiwasan nalika ana wit-witan sing padha ambruk keterak angin.

Prelu uga dieling-eling, biyen ora akeh wit-witan ing sakiwatengene dalan-dalan lan ing taman-taman sing ambruk katerak angin, jalaran wit-witane pancen ora gampang ambruk, kaya dene wit asem lan wit mahoni.

Biyen mula wit asem lan wit mahoni pancen ulet lan kuwat, ora gampang ambruk katerak angin lisus, saengga wong-wong tuwa biyen padha seneng nandur kanggo ijon-ijon lan adhem-adheman sakiwatengene dalan-dalan lan sajrone taman-taman. Wit asem ulet lan kuwat jalaran pang-pange cekak lan akeh tur godhonge uga cilik-cilik. Dene wit mahoni ora gampang ambruk katerak angin lisus jalaran godhonge padha gogrog (pancen mangsane gogrog) nalika ngepasi mangsa labuh lan rendheng.

Advertisement

Kosok baline, saiki akeh wit-witan sakiwatengene dalan-dalan lan sing ana sajrone taman-taman padha gampang ambruk katerak angin jalaran pancen gampang ambruk. Kaya dene wit sengon lan sapadhane. Kamangka wis cetha yen wit sengon lan sapadhane kuwi cepet gedhe lan getas, pang-pange uga dawa-dawa, saengga luwih gampang coklek utawa ambruk katerak angin.

Dene wit sengon lan sapadhane sing uga cepet gedhe kuwi amung pantes ditandur ing alas utawa ing kebon sing adoh saka omah lan kahanan sing rame. Mula yen wit-wit sing cepet gedhe lan getas kuwi padha ditandur sajrone taman lan sakiwatengene dalan sing rame mangka bakal mbebayani.

Ana pitakon sing sajak prelu dibeberake: Geneya akeh sing ngawur nandur wit sengon lan sapadhane ing sakiwatenge dalan lan sajrone taman? Wangsulane, jalaran saiki akeh sing grusa-grusu utawa kepengin sarwa cepet-cepetan. Cethane, nandur sengon lan sapadhane jalaran sengon pancen bisa cepet gedhe, saengga cepet bisa dadi ijon-ijon. Ora preduli yen wit sengon lan sapadhane kuwi gampang ambruk.

Advertisement

 

Sok Modheren

Saya akehe wit-witan sing padha ambruk, banjur ngebruki omah, mobil lan uga mateni manungsa, kudune bisa dadi pratandha yen ing mangsa modheren saiki pancen saya akeh sing sok modheren saengga ngawur nandur wit-witan. Dene lelakon ngawur ing babagan iki magepokan karo sipat sing ora gelem ngajeni marang ngelmu titen sing wiwit biyen dadi cekelane bangsa kita.

Advertisement

Saiki saya cetha yen ngelmu sing padha dianggep modheren ing babagan tetanduran ora bisa ngasorake ngelmu titen sing kebacut dianggep kuna utawa ketinggalan jaman. Mula wis pantes yen kita kudune gelem sinau marang ngelmu titen amrih ora ngawur nandur wit-witan sing bisa gawe cilaka.

Saliyane kuwi, ana uga perkara sing prelu dadi wigati. Yaiku saiki saya akeh sing tumindhak ngawur marang wit-witan saengga saya luwih gampang ambruk. Contone, saya akeh wong sing ngawur nancepake paku ing wit-witan kanggo nemplekake gambar utawa masang spanduk lan umbul-umbul.

Paku-paku sing tumancep ing wit kuwi bakal neyeng saengga bisa gawe rusake wit kasebut. Ing babagan iki, wis akeh wit-witan gedhe utawa cilik sing ambruk sanajan ora katerak angin lisus jebule pancen jalaran ditancepi paku sing wis padha neyeng.

Mligine saben-saben mangsa kampanye pemilu utawa pilkada, saya akeh calon pemimpin sing seneng masang gambar ing wit-witan sakiwatengene dalan-dalan sing rame. Mula banjur saya akeh wit-witan sing gapuk ketancep paku neyeng, banjur padha ambruk lan akeh sing kebrukan.

Tumrap bangsa-bangsa sing wis maju padha duweni wewaler, kayata aja nancepake paku ing wit-witan. Malah uga akeh bangsa sing duweni wewaler, aja sembarangan negori pange wit-witan sing bisa gawe gapuk. Mula saka kuwi bangsa kita prelu duweni paugeran utawa perda kanggo njaga supaya aja padha ngawur nandur wit-witan lan aja nganti tumindhak ala marang wit-witan.

Advertisement
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif