Jagad-jawa
Sabtu, 3 Maret 2012 - 11:55 WIB

MANDHASIYA

Redaksi Solopos.com  /  Is Ariyanto  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - Kasenian reyog nglipur warga bebrayan. JIBI/SOLOPOS/ Sunaryo Haryo

REBUTAN PITIK--Sawetara warga rebutan pitik jroning upacara mandhasiya ing Dusun Pancot, Tawangmangu, Karanganyar Selasa (21/2/2012). JIBI/SOLOPOS/ Sunaryo Haryo

Kawit jaman mbiyen, Gunung Lawu kondhang minangka papan kang wingit, saengga kerep kanggo ngadani upacara utawa laku kejawen. Meh saben papan ing perengan kulon lan lor Gunung Lawu ditemokake maneka warna jinis petilasan lan pesareyan para tokoh spiritual Jawa kang nganut kaprecayan warisan luhur bangsa.

Advertisement

Salah sijine upcara tradhisi kang nganti saiki isih diugemi masarakate yaiku upacara adat Mandhasiya. Upacara iki dilakoni dening masarakat Jawa asli ing wilayah Dusun Pancot, Kelurahan Blumbang lan Desa Tengklik, Kecamatan Tawangmangu, Karanganyar, saben Selasa Kliwon ing Wuku Mandhasiya. Kaya kang kelakon Selasa (21/2/2012) kapungkur.

Sawetara sumber nyebutake, legenda kang ditularke turun tumurun, upacara adat iki dileksanakake kanggo mengeti menange masarakat adat kang wus kasil nelukake solah tingkah alane Prabu Baka, raseksa kang karem mangan manungsa.

Advertisement

Sawetara sumber nyebutake, legenda kang ditularke turun tumurun, upacara adat iki dileksanakake kanggo mengeti menange masarakat adat kang wus kasil nelukake solah tingkah alane Prabu Baka, raseksa kang karem mangan manungsa.

Wujude yaiku kanthi ngumbulake donga lan sesaji tradhisi kang diaturke masarakat lan sakabehe pasarta upacara adat Mandhasiya. Tujuwane supaya uwal saka memala lan bebaya, sarta sukerta.

Tata upacara iki diwiwiti dina Minggu Pon. Rong dina sadurunge puncak upacara Mandhasiya, masarakat padha nglumpukke beras kanggo diolah utawa dimangsak kanthi cara tradhisional, dadi panganan kang diarani gandhik, sarta maneka warna jinis panganan mirunggan liyane minangka ubarampe sesaji. Saliyane iku, kanthi gotong royong masarakat uga tuku wedhus lan sawetara pitik kampung minangka sesaji bakune.

Advertisement

Pitik Urip

Ngepasi dinane, Selasa Kliwon, kang dadi puncake adicara, wiwit jam 07.00 WIB para sesepuh adat lan tokoh masarakat nggawa wedhus kendit lan pitik menyang pundhen Bale Pathokan saprelu dibeleh minangka sesaji. Udakara jam 10.00 WIB kabeh ubarampe sesaji wusa cemepak ing pundhen Bale Pathokan. Jam 13.00 WIB, gendhing Manyar Sewu wiwit diungelake. Dene jam 16.00 WIB upacara Mandhasiya diadani kanthi dipimpin dening sesepuh adat.

Upacara bakune yaiku ngrebutake pitik urip, sarta nyirami banyu badheg tumrap masarakat. Tumrap sapa wae kang bisa nyekel pitik iku, bakal antuk kabegjan. “Nalika pitike diculake, banjur kanggo rebutan wong akeh. Ana sing kecekel urip, uga ana sing pitike dadi dedel duwel gara-gara direbut bebarengan. Upamane kecekel paraga reyog, ya nganti gelem ngombe getihe,” ujare Haryo, salah sijine warga Solo sing ajeg melu nekani perayaan Mandhasiya ing Pancot.

Advertisement

Dene pitik sing kanggo rebutan iku uga ngandhut piwulang luhur. Pitik-pitik iku minangka nadare sawetara warga. Ana sing nadare bakal nggawa pitik ing upacara Mandhasiya jalaran bojone utawa kulawargane mari saka larane. Upamane Sukinem, 50, warga Dusun Pancot, kang nggawa pitik sepasang. Jarene, bojone lagi wae rampung operasi ing ndhokteran ing Solo lan mari saka larane. “Iki kabeh kudu disukuri. Minangka tandha sukurku, aku urun pitik nadir kanggo upacara Mandhasiya,” piterange Sukinem.

Kasenian reyog nglipur warga bebrayan. JIBI/SOLOPOS/ Sunaryo Haryo

Nalika pitik-pitik nadare warga iku diuncalke ing ndhuwur Bale Pasar Pancot, pitik iku dadi rebutane warga kang wus ngenteni upacara kuwi. Salah sijine warga kang bisa nyekel pitik iku, Sular, nandhesake bakal ngopeni pitik kuwi amarga dipracaya pitik Mandhasiya bakal nggawa kabegjan.

Advertisement

Ing kalodhangan kuwi, Pangarsa Dusun Pancot, Sulardiyanto, mratelakake Mandhasiya dadi tradhisi kang mujudake rasa sukure warga Pancot marang kanugrahane Gusti. “Dene nguncalake pitik iku ngandhut makna manawa kabagyan iku prelu diedum marang liyan. Dadine, bagya iku ora kanggo dheweke dhewe, nanging uga bisa dirasakake wong liya,” tandhese.

JIBI/SOLOPOS/Damar Sri Prakoso

Advertisement
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif