Jagad-jawa
Kamis, 15 Desember 2011 - 15:55 WIB

Petungan kangge pindhah griya tumrap masarakat Jawi

Redaksi Solopos.com  /  Is Ariyanto  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Siti Muslifah SS MHum, Dhosen Jurusan Sastra Jawa FSSR UNS Solo

Masarakat Jawi, asring sinebat masyarakat formalistik awit ing prastawa menapa kemawon mesthi dipunadani ritual. Contonipun ing babagan pindhah griya. Ing madyaning kabudayan Jawi, pindhah griya mujudaken prastawa ingkang sanget wigatos.

Advertisement

Pramila, kedah dipunpetang kanthi njlimet, dipunpepaki kanthi ubarampe ingkang jangkep, supados sae ing samudayanipun. Tegesipun kedah dipunpilih dinten ingkang sae, supados ing papan ingkang enggal, saget ayem tentrem mboten wonten aradan.

Tumrapipun tiyang Jawi, menawi mboten mawi petangan utawi salah anggenipun metang, tundhonipun griya ingkang dipunpanggeni kirang sae angsaripun, malah saget ugi mboten sekeca dipunpanggeni. Pramila, saratipun pindhah griya kedah dipunugemi mboten kenging dipuntilar.

Ing petangan Jawi, wonten ingkang sinebat Saptawara lan Pancawara. Wondene Saptawara lan Pancawara kalawau, sami anggadhahi etangan angka, ingkang dipunsebat neptu. Menawi Saptawara lan Pancawara kagabung, tamtu badhe ngasilaken etangan angka tinamtu. Saptawara inggih menika dinten ingkang cacahipun wonten 7 (pitu).

Advertisement

Saged dipunsebataken ing ngriki, dinten-dinten ingkang kalebet Saptawara: Ngahad (Ahad/ Minggu), Senin, Selasa, Rebo, Kemis, Jemuwah, lan Setu. Dinten-dinten ingkang kalebet ing Saptawara kalawau anggadhahi neptu ingkang benten-benten: 5, 4, 3, 7, 8, 6, lan 9. Dene dinten-dinten ingkang kalebet Pancawara inggih menika: Legi, Paing, Pon, Wage, lan Kliwon. Neptunipun: 5, 9, 4, 7, lan 8. Pancawara menika ugi dipunsebat dinten pasaran, awit cacahipun gangsal. Ing madyaning kabudayan Jawi, sepasar utawi sepeken menika sami kalihan gangsal dinten.

Amrih cethanipun, sumangga kula aturi njingglengi tabel petangan dinten dalah neptunipun, kados ingkang kacetha ing ngandhap.

Dinten lan pasaran (Saptawara lan Pancawara) dalah neptu ingkang sampun kasebat wonten tabel ing kapitadosanipun masyarakat Jawi anggadhahi watak ingkang benten-benten. Watak menika mangkenipun badhe mangaribawani tumrap griya sarta ingkang manggen.

Advertisement

Wondene ing prastawa pindhah griya, petanganipun prasaja kemawon. Caranipun, kanthi ngetang dinten lan pasaran ingkang ngasilaken neptu, lajeng kabage nenem. Sisanipun lajeng kacocokna kalihan petangan Sri, Kitri, Werdi, Candhi, Rogoh, lan Sempoyong. Ka nenem istilah kalawau kangge niteni lan nemtokaken wataking neptu.

Perbawanipun griya watak Sri, soksintena ingkang  manggen dipunremeni ing akathah, asring wonten tamu ingkang dhateng, lan tanggi ing sakupengipun ugi remen. Kathah kancanipun. Perbawanipun griya watak Kitri, soksintena ingkang  manggen bakal makmur lan agung rejekinipun. Perbawanipun griya watak Werdi, soksintena ingkang manggen sugih yoga (putra utawi anak). Perbawanipun griya watak Candhi, soksintena ingkang  manggen anggadhahi kawibawan, dipun urmati dening tiyang kathah, bagya mulya, slamet, seger waras. Perbawanipun griya watak Rogoh, soksintena ingkang manggen badhe mboten sae wusananipun awit asring kecalan barang-barang ingkang aji, griya asring kedhatengan pandung, lan ingkang manggen asring padu. Dados angsaripun awon. Perbawanipun griya watak Sempoyong, soksintena ingkang  manggen ugi mboten sae wusananipun, awit asring ketaman gerah ingkang sok mbilaeni.

Ringkesipun, kapitayan dhateng watak wantuning dinten lan pasaran saha neptu kalawau saged kemawon dipuntrapaken nalika panjenengan badhe pindhah griya. Etanganipun dinten lan pasaran dipun padosi neptunipun katambahaken lajeng kabage nenem. Menawi sisa 1 watakipun Sri, sisa 2 watakipun kitri, sisa 4 watakipun werdi, sisa 5 watakipun candhi, lan makaten salajengipun. Menawi mboten wonten sisanipun utawi telas kabage nenem, dipunlebetaken wonten rtangan ingkang kentun piyambak (sempoyong).

Dinten Neptu Pasaran Neptu
Ahad (Minggu) 5 Legi 5
Senin 4 Paing 9
Selasa 3 Pon 7
Rebo 7 Wage 4
Kemis 8 Kliwon 8
Jemuwah 6  
Setu 9  

Advertisement
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif